Waosan : Yokanan 10 : 1 – 10 | Pamuji : KPJ. 161:1,4
Nats: “Aku iki lawange; sapa kang lumebune metu ing Aku, iku bakal kapitulungan rahayu, sarta bakal lumebu lan metu, apadene bakal nemu pangonan” (Ay. 9)
Umat Kristen wiwitan gambaraken Gusti Yesus minangka Pangen Ingkang Utami. Piwucal bab Pangen Ingkang Utami ing Yokanan 10:1-10 nedahaken bilih Gusti Yesus menika Pangen ingkang Sejatos lan Pangarsanipun umat, ingkang benten sanget kaliyan pangen ingkang palsu. Ing ayat 9 nyebataken Gusti Yesus menika kori. Perlu kawuningan bilih kandang menda ing Palestina namung nggadahi kori setunggal boten wonten sanesipun lan biasanipun kajagi dening pangenipun. Gusti Yesus menika kori, dados kori kangge menda-menda (para penderekipun). Gusti Yesus jagi lan ngreksa para mendanipun. Anjawi menika Gusti Yesus ugi namtokaken sinten ingkang badhe lewat kori menika. Sinten ingkang lewat Gusti Yesus badhe wilujeng, manggih rahayu inggih menika badhe nampi gesang kanthi kaluberan lan gesang langgeng (10). Benten kaliyan pangen ingkang palsu ingkang bekta pejah langgeng. Anjawi Gusti Yesus boten wonten sanesipun ingkang jumeneng dados korining karahayon (Para Rasul 4:12)
Kados mekaten pangrimatanipun Gusti Yesus. Kita mesthi taksih kengetan ukara ing Kidung Lami No. 5:1,6. Pepujian menika ngetaken kita sami bilih Gusti Yesus menika Pangen kita lan kita menika menda kagunganIpun. Kita boten badhe kekirangan, malah kaluberan karana rinimat dening Gusti Yesus. Kraharjan lan kadarman badhe ngiring lampah kita ngantos lumebet dateng Kratonipun Gusti Yesus. Pangrimatanipun Gusti Yesus boten namung gegayutan kaliyan kabetahan tata jasmani, ananging ugi tata karohanen. Pangrimatanipun Gusti ingkang kados mekaten menika ingkang nyagedaken kita para pitados sami saos sukur. Saos sukur boten namung srana bandha, kasugihan, wekdal, wah kasagedan, ananging ugi gesang kita sawetahipun minangka pisungsung/kurban ingkang gesang lan suci, kurban ingkang nyata lan sejati (Rum 12:1). Menika patraping gesang ingkang leres, tansah saos sukur ing sadengah kawontenan lan ing sedaya prekawis, awit menika ingkang dados kersanipun Gusti. Amin (SS)
“Senadyan prahara lan ombaking gesang timempuh, tetepa saos sukur dateng Gusti”