Waosan: 1 Petrus 4 : 7 – 11 | Pamuji: KPJ. 326
Nats: “Padha laden-linadenana miturut ganjaran kang wus kaparingake marang saben wong jalaran anggone dadi juru gedhonge sih-rahmating Allah kang becik.” (Ayat 10)
Wonten sawijining griya ingkang ageng lan endah sanget. Ing lebeting griya punika wonten kathah papan lan panggenan kangge saben tiyang. Saben tiyang nggadhah pakaryanipun piyambak-piyambak. Menawi saben tiyang nindakaken pakaryanipun kanthi setya lan katresnan, griya punika karaos anget, tentrem, lan bingahaken. Nanging menawi wonten satunggal tiyang ingkang mboten peduli, pawon katingal reged, latar mboten dipun sapu, lawang mboten dipun bikak nalika wonten tamu. Griya punika dangu-dangu dados semrawut lan kecalan endahipun. Mekaten ugi kawontenanipun greja. Greja punika mboten namung bangunan nanging ugi gesangipun para umating Allah, brayat kita, paseduluran kita, lan pasamuwan kita. Kita sadaya dipun undang dening Gusti dados pangreksa greja, ingkang ngatur lan ngrimati greja punika kanthi katresnan lan tanggel jawab.
Rasul Petrus ngengetaken para warga pasamuwan ing jaman ingkang awrat. Piyambakipun ngendika, “Kawusanane samubarang kabeh wis cedhak. Marga saka iku dibisa ngemudheni dhirimu sarta disareh, supaya kowe padha bisa ndedonga.” (Ay. 7). Tegesipun, wekdal manungsa ing donya punika winates. Donya saged owah saben wektu. Mila, piwucalipun Petrus nyuwun supados para umat tansah ndedonga. Brayat ingkang kebak donga badhe dados papan panggenan rawuhipun Gusti. Greja ingkang ngugemi donga badhe kiyat ngadhepi prahara gesang. Salajengipun Petrus ngandika, “Nanging kang prelu dhewe padha mempenga anggonmu tresna-tinresnan, jalaran katresnan iku nutupi dosa kang akeh banget.” (Ay. 8). Petrus ngengetaken bilih mboten wonten griya tanpa pasulayan, nanging katresnan sejati, inggih punika katresnan ingkang purun atur ngapura lan sabar. Punika dados gentenging griya ingkang ngreksa griya punika saking panas lan jawah.
Ing pekan donga punika, sumangga kita sami ningali kawontenan kita, “Punapa griya kita, brayat kita, greja kita sampun dados Griyanipun Gusti? Punapa donga taksih dados ambeganing griya kita? Punapa katresnan taksih dados dhasaring paseduluran kita?” Gusti mboten ngupadi griya ageng, nanging manah ingkang purun ngladosi lan tresna. Nalika saben kita ndedonga, tresna, lan purun ngladosi, Gusti piyambak badhe manggen ing satengah-tengah griya kita. Lan nalika wekdal punika dugi, griya kita saestu dados Griyanipun Gusti. Mangga kita sedya ngrimati Griyanipun Gusti. Amin. [dvd].
“Griya Gusti bakal tetep ayem menawi saben manungsa ngladosi kanthi katresnan, kasetyan, lan ndedonga.”