Waosan : Yokanan 3 : 31 – 36 | Pujian : KPJ. 133
Nats: “Panjenengane ngandikakake apa sing wis dipirsani lan wis dipirengake, nanging ora ana wong siji wae sing precaya marang pawartane.” (ay.32)
Dr. Krisana Kritmanorote, salah satunggaling salesman asuransi ingkang kondang, nyerat ilustrasi wonten buku yasanipun “Maju Meraih Puncak Sukses” mekaten: Wonten salah satunggaling tiyang ingkang daerah papan panggenanipun badhe katrajang banjir. Mila pemerintah nyiaraken supados rakyat sami ngungsi. Nanging wonten pawongan ingkang boten purun ngungsi. Piyambakipun yakin bilih Gusti bakal mitulungi. Nalika desanipun katrajang banjir, pemerintah lajeng ngintun perahu karet, mapag tiyang kalawau, nanging dipun tampik. Terakhir, pemerintah ngutus helikopter, karana inggilipun banjir sampun meh sami kaliyan wuwungan griya, nanging ugi dipun tampik. Wusananipun tiyang kalawau pejah. Nalika tiyang ingkang pejah kalawau pepanggihan kaliyan Gusti. Piyambakipun protes, kenging punapa Gusti mboten mitulungi, senaosa tiyang kalawau sampun ndedonga kanthi iman ingkang kandel, nanging malah piyambakipun pejah. Lajeng kacariosaken bilih Gusti paring wangsulan : “Sira aja nganggep yen Ingsun ora mitulungi sira. Sepisan Ingsun ngutus pemerintah supaya ngajak supaya sira enggal ngungsi ing papan kang aman, nanging sira tampik. Semono uga perahu karet lan helikopter kang Sun utus nylametake sira, uga sira tampik. Apa Ingsun ora mbudidaya mitulungi sira?”
Sekedap malih kita badhe mapag wiyosipun Gusti Yesus. Tumrapipun tiyang pitados, rawuhipun Gusti punika saestu mbekta pangajeng-ajeng ingkang sae. Awit rawuhipun Gusti ing alam donya punika, inggih saprelu mitulungi kita para manungsa, ingkang mboten saged uwal saking dosanipun piyambak. Ananging kadang kala kita punika nggadhahi pangajeng-ajeng ingkang karancang miturut karsaning manungsa piyambak. Mila Gusti asring dipun peksa nuruti punapa ingkang dados pikajengipun kadosdene tiyang ingkang pejah ing wuwungan griya ing inggil.
Yen kita pitados bilih Gusti saestu rawuh mitulungi kita, mila kita kedah nggadhahi pangajeng-ajeng ingkang bener lan pener. Inggih pangajeng-ajeng ingkang adhedhasar karsanipun Gusti. Mila kita kedah sinau supados saged sumerep punapa ingkang dados karsanipun Gusti lan mboten meksa Gusti. (DK)
“Pracaya, pasraha lan aja meksa.”