Waosan : Yokanan 20 : 19 – 31 | Pujian : KPJ. 416
Nats: “Bareng ing wayah bengi ing dina kapisan minggu iku para sakabate Gusti Yesus padha nglumpuk ana ing sawijining papan, lawange padha kakancing awit saka wedine marang wong Yahudi. Ing nalika iku Gusti Yesus rawuh jumeneng ana ing tengah-tengahe para sakabat sarta ngandika: “Tentrem-rayahu anaa ing kowe kabeh!” (Ay. 19)
Dhawuh pangandikanipun Gusti Yesus, nalika ngatingal dumateng para sakabatipun sayektosipun tembung punika limrah, ananging ugi tembung ingkang suraosipun ngleremaken manah ingkang sisah. Kanthi dawuh ingkang makaten kalawau (ayat 19) dadosaken para sekabat saged jejeg ing pangajeng-ajeng. Gusti Yesus mboten ngakimi lan nglepataken tumindakipun para murid saksampunipun Gusti seda. Nanging kosok wangsulipun nalika ngatingal dumateng para sekabat Gusti Yesus paring kakiyatan satemah para murid kalipur uwal saking kasisahanipun. Linangkung dawuh pangandikanipun Gusti punika dadosaken iman kapitadosanipun Tomas pulih lejar. Saking cariyos punika kita sami pikantuk prakawis ingkang adi nalikanipun nindakaken gesang lan pigesangan kita minangka para kagunganipun Gusti :
- Cariyos punika nelakaken lamun kita ketaman ing kasangsaranipun gesang kabidung ing kasisahan, kinarubut ing kalepatan, ngrumaosi dosa lan kadurakan, ing ngriku Gusti Yesus rawuh paring katentreman supados gesang kita tansah jejeg lan kiyat ing pangajeng-ajeng. Roh Suci ingkang makarya mujudaken katresnanipun Gusti punika kanthi mawarni-warni cara. Sampun ngantos nebihi timbalanipun Gusti karana Gusti mboten nebihi kita.
- Punapa kita sampun saged lan sagah nuladhani tumindakipun Gusti dumateng tiyang sanes. Pitembungan kita lan tumindak kita punapa sampun saged kawastanan mbiyantu jejegaken gesangipun liyan, punapa malah pitembungan lan tumindak kita dados sandungan ing gesangipun sesami?
Sumangga kita sami ngleremaken manah sawetawis, nyuwun panganthinipun Sang Roh Suci supados gesang kita binerkahan lan dados pirantinipun berkah tumraping sesami. Amin. (japri)
“Njaga ati njaga diri kebaking pangati-ati.”