Yen Nunggil Lan Gusti Renungan Harian 17 Mei 2020

17 May 2020

Waosan :  Yokanan 14 : 15 – 21      |  Pamuji  :  KPJ.  144
Nats:
“….. sing sapa tresna marang Aku, iku bakal dikasihi dening Rama-Ku sarta iya bakal Dakkasihi….” (ay.21)

“Yen nunggil lan Gusti, rinten dalu manah langkung tentrem arahayu. Kula angantos Gusti siyang klayan ratri, nyuwun berkah duh Gusti, Gusti mami.” Tumraping tiyang Kristen Jawi, kekidungan punika estu familiar sanget. Sanadyan wonten syair ingkang dipun gantos menawi versi KPK lan KPJ, tamtu kita taksih asring langkung apal versi Kidung Pasamuwan Lami kados dene ingkang kaserat ing nginggil. Kenging punapa makaten? Awit kekidungan lan syairipun punika sampun nunggil jiwa lan ngrasuk kasuman tiyang-tiyang Kristen Jawi.

Mekaten ugi gegayutan kaliyan tetunggilanipun Gusti Allah Sang Rama, Gusti Yesus Kristus lan Sang Roh Suci kaliyan para pitados. Awit sampun nunggil jiwa lan ngrasuk kasukman tamtu mboten saged ewah gingsing anggenipun pitados. Sanadyan kala-kala mboten saged kita pahami srana cetha lan ugi ewed kita jelasaken dumateng tiyang sanes nging menawi sampun nunggil jiwa lan sukma, pemanggih kita tumrap Gusti punika tansah lestantun. Elokipun malih wanci tetunggilan ingkang makaten punika ingkang dipun kersakaken dening Gusti Yesus inggih punika tetunggilan srana katresnan. Katresnan punika ingkang jalari kita gesang sesarengan kaliyan Allah Sang Rama, Gusti Yesus lan ugi Roh Suci. Pramila bilih dinten punika kita ngraosaken tebih, dereng wanuh malah mboten saged paham dateng Gusti lan karsanipun, sumangga sak mangke kita kaaturan nresnani Gusti kemawon.

Tresna kita dumateng Gusti punika ingkang jalari pakaryanipun Gusti kelampahan ing gesang kita. Pramila sampun ngantos kendat anggen kita sami tansah tresna Gusti ngantos ing selami-laminipun. Nunggil Gusti siyang dalah ratri wonten ing sadengah kahanan kita punika ingkang kedah kita udipaya. Amin.  (to2k)

“Yen nunggil lan Gusti, rinten dalu manah langkung tentrem arahayu”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak