Waosan : 1 Petrus 2 : 13 – 17 | Pamuji : KPJ. 360 : 1, 2
Nats: “Marga saka karsane Pangeran, padha sumuyuda marang sakehing pangwasa kang katetepake manut tatananing manungsa, dadia marang raja kang mengku pangwasa kang dhuwur dewe, apadene marang pangwasa sangisore kang kadawuhan ngukum wong kang nindakake piala sarta ngurmati wong kang tumindak becik” (Ay. 13-14)
Pinten wulan kepengker wonten pawartos bilih wonten kalih lare SMP ingkang didalaken saking sekolahan. Nalika dipun padosi sebabipun, amargi lare kalih kalawau mboten purun hormat dateng gendero Merah Putih lan nyanyi lagu Indonesia Raya. Nalika tiyang sepuhipun dipun tangleti alasanipun amargi kapitadosan ingkang dianut dening brayat mboten ngeparengaken hormat dateng gendero Merah Putih lan nyanyi lagu Indonesia Raya. Kapitadosan punika sampun dipun lampahi turun temurun.
Kados pundi kalian kita? Menapa ingkang kedah kita lampahi gegayutan kalian babagan panguaos ingkang lenggah ing pamrentahan? Wonten ing waosan kita Petrus paring piweling dumateng para tiyang ingkang kapiji dening Gusti ingkang kasebar wonten ing daerah Pontus, Galatia, Kapadokia, Asia Kecil lan Bitinia. Rasul Petrus ngengetaken nalika gesang langkung-langkung nalika dados tiyang manca ing daerahipun tiyang sanes, piyambakipun kedah tunduk dumateng otoritas pamrentahan ingkang wonten ing daerah kalawau. Pemanggih menika kalambaran pangertosan bilih panguaos pamrentahan menika minangka tiyang ingkang sampun kapiji dening Gusti Allah piyambak. Pramila tunduk dumateng pamrentahan sami kaliyan netepi prentahipun Gusti.
Lumantar pangandikanipun Gusti menika kita sami saged sinau sesarengan bilih minangka para penderekipun Gusti kita ugi kedah tunduk wonten ing pamrentahanipun bangsa Indonesia. Kita pitados bilih presiden lan wakil presiden ingkang nembe mawon kapiji dening rakyat Indonesia saestu ugi kapiji dening Gusti Allah piyambak. Mekaten minangka warga negara Indonesia kita ugi purun makarya mujudaken kemajenganipun bangsa lan negara Indonesia. Kita purun mbangun negara ingkang kalandesan semangat gotong royong, sangkul sinangkul nglajengaken pembangunan negara kita, boten namung mikir kangge kawontenan utawi kabetahan kita piyambak. Pramila sumangga kita dados warganing bangsa Indonesia ingkang tertib ingkang saged nyumbangaken gesang ingkang kebak ing tentrem raharja ing satengahing bangsa menika. (Wee)
“Indonesia negriku! Aku bangga dadi warga Indonesia”