Waosan : Pangentasan (Keluaran) 15 : 1 – 18 | Pamuji : KPK 5
Nats: “Paduka setya dhateng janji Paduka, umat ingkang Paduka luwari lajeng Paduka irid dhateng tanah Paduka ingkang suci srana pangwaos.” [ayat 13]
Pamuji dhumateng Gusti kedah wonten dhasar tetalesipun. Pamuji ingkang dhedhasar saking Gusti badhe njalari asmanipun Gusti kaluhuraken.
Pamujinipun Nabi Musa menika kaunjukaken bakda nyekseni pangwasanipun Allah ingkang damel tumpesing bala tantraning Mesir. Bani Israel ingkang saweg nyebrang ing seganten Teberau kaoyak dening bala tantra Mesir. Sareng dumugi ing gisiking seganten, dene bala tantra Mesir taksih wonten tengahing seganten, dumadakan toya seganten ingkang piyak dados sambung malih. Menika ingkang njalari bala tantra Mesir kleleb wonten ing lebeting ngantos ing dhasaring seganten. Salajengipun bani Israel kairid dening Allah tumuju dhateng tanah sucinipun Allah.
Nabi Musa dalah Bani Israel sami ndeleng piyambak pangwasanipun Gusti Allah ingkang elok ngedab-edabi. Lelampahan menika ngewahi patrapipun bani Israel. Swaunipun -saderengipun nyabrang seganten tuwin kaancam dening bala tantra Mesir- bani Israel sami ngedumel, nesu lan nglawan abdinipun Allah, anenggih Nabi Musa. Sasampunipun ndeleng lan ngraosaken pangwasanipun Gusti Allah, sedaya tiyang Israel sami sayuk nunggil kaliyan Nabi Musa memuji ngluhuraken asmanipun Allah kanthi sora. Pamujinipun menika mesthinipun kaunjukaken kanthi getering manah awit ngungun dhateng pangwasanipun Allah.
Paskah, pengetan wungunipun Gusti Yesus ugi nedahaken pangwasanipun Gusti ingkang elok ngedab-edabi. Pangwasaning pati ingkang ngereh kita manungsa sampun katelukaken dening Gusti Yesus. Gusti Yesus lan kita para pendherekipun boten kaereh malih dening pangwasaning pati. Salajengipun kita tansah kairid dening Roh Kristus, inggih Roh Allah, inggih Sang Roh Suci.
Kita sampun ngalami pangwasanipun Gusti ingkang elok ngedab-edabi. Samangke pitakenanipun: menapa kita sampun ngalami ewah-ewahaning gesang? Menapa taksih kathah utawi asring nggrundel? Menapa sampun langkung kathah pamuji kita dhumateng Gusti lan dhateng tiyang sanes? [st]
“Owah-owahaning urip iku ora ana wates wektune.”