Waosan : 2 Para Raja 17 : 24 – 41 | Pamuji : KPK 81
Nats: “Dadine bangsa-bangsa iku padha ngabekti marang Pangeran Yehuwah, nanging iya padha nyembah marang reca-recane;…” [ayat 41]
Pada (bait) Ramalan Jayabaya:
(140)
Polahe wong Jawa kaya gabah diinteri
Endi sing bener endi sing sejati
Para tapa padha ora wani
Padha wedi ngajarake piwulang adi
Salah-salah anemahi pati.
(141)
Banjir bandhang ana ngendi-endi
Gunung njeblug tan anjarwani, tan angimpeni
Gethinge kepati-pati,
Marang pandhita kang olah pati geni
Marga wedi kawiyak wadine sapa sira sing sayekti
Kados perangan pada Ramalan Jayabaya ing inggil, gesang ing jaman ingkang sarwa ‘edan’ punika boten gampil. Nanging minangka umat kagunganipun Sang Kristus, kita tetep sinau bilih kita nggadhahi kuwajiban dados seksi pawartosing bingah saha tentrem rahayu utawi dados seksinipun Injil.
Ing nagri pambuwangan, Israel kaparingan wekdal kangge mratobat, supados dados seksinipun Yehuwah tumrap bangsa-bangsa sakiwa tengenipun. Sisa-sisa Israel ing Samaria ugi mekaten. Tiyang Israel ing pundia papanipun, kumedah dados berkah kangge para tiyang buwangan saking ngari sanesipun ingkang kapapanaken dening Asyur ing Samaria. Emanipun, Israel boten ngrumaosi bab punika. Israel ngumbar bangsa ingkang dereng tepang Gusti Allah punika ketaman dosa, mila lajeng Allah ngintun singa-singa kangge ngukum (ay. 25). Nadyan satunggiling imam kautus kangge mimpin bangsa Samaria tepang Gusti Allah, bangsa Israel boten malah dados tuladha, nanging malah anut grubyug nyembah dewa lan dewi bangsa sanes (ay. 29-34).
Tiyang Kristen ugi greja katimbalan dados seksinipun Sang Kristus ingkang sayekti ing donya ingkang kathah sesembahanipun (mamon). Kita mugi tetep gesang kanthi tulus yekti, tinarbuka ing antawisipun liyan ing sajroning nindakaken katresnan, kaadilan lan kayekten. Mugi ing sajroning gesang, boten dados watu sandhungan, srana ngunggulaken lan ngawula dhateng bandha, pangwasa lan nikmating donya. Mugi pandherekipun Sang Kristus tansah ngupadi dados emas ingkang murni, migunani tumraping liyan. [Pong]
“Begja-begjane kang lali, isih luwih begja kang eling klawan waspada.”