Waosan: 1 Petrus 2 : 1 – 3 | Pamuji: KPJ. 203
Nats: “Dikaya bayi kang nembe lair, kang tansah kapengin marang banyu susu kang murni kang asipat rohani, supaya marga saka iku padha lestria tuwuhmu ing bab karahayon.” (Ayat 2)
Bayi ingkang nembe lair temtu kemawon dereng saged tumindak punapa-punapa, kawontenanipun katingal ringkih, taksih mbetahaken tiyang diwasa. Kangge tuwuh kembangipun tamtu kemawon kedah nampi asupan gizi arupi susu murni utawi ASI. Kadosdene bayi ingkang nembe lair, gesang karohanen kita saged winastanan kados mekaten.
Waosan kita nyariosaken piwucalipun Rasul Petrus dhateng para umat supados saged tuwuh kanthi setya tuhu dados pandherekipun Gusti Yesus Kristus. Rasul Petrus nedahaken prinsip-prinsip gesang padintenan minangka pandherekipun Gusti Yesus. Kaping pisan: tuwuhing iman punika kawiwitan srana mbucal dosa (Ay. 1) awit dosa-dosa punika ingkang dados pambengan tuwuhing iman kita. Bab punika mbetahaken pangupaya kita kanthi nyuwun kakiyatan saking Sang Roh Suci supados kita saged nglawan dosa lan nebihi panggodha. Prinsip kaping kalih: mirengaken dhawuh pangandikanipun Gusti kadosdene bayi ingkang mbetahaken susu murni (Ay. 2). Dhawuh Pangandikaning Gusti punika wujuding nutrisi ingkang penting kangge gesang kita. Saking ngriku kita saged nindakaken gesang ingkang laras kaliyan Pangandikaning Gusti. Prinsip kaping tiga: Kita mbetahaken pengalaman gesang sinarengan kaliyan Gusti Allah (Ay. 3). Punika mujudaken kunci tuwuhing iman kita, awit kita pikantuk kakiyatan saged celak kaliyan Gusti lan manut pangrehing Gusti. Awit sih rahmat lan kadarmaning Gusti punika dipun nyatakaken dhateng kita saben dinten lumantar berkah, pitulungan, ugi kawicaksanan ingkang dipun paringaken dhateng kita.
Salebeting gesang kita ing mawarni-warni kahanan, kita saged ngraosaken ewah-ewahan ingkang sanyata wonten ing gesang kita. Srana ngecakaken sabdaning Gusti ing gesang kita padintenan, Gusti tansah nuntun lampah kita tumuju iman ingkang diwasa, matemah kita saged langkung sabar, wicaksana, lan kuwagang ngatasi sadaya pacoban ingkang dados ujianing gesang. “Lestria tuwuhmu ing bab karahayon!” Amin. [NPR].
“Gesang kanthi ngraosaken sih kadarmaning Gusti Allah mujudaken kunci tuwuhing iman kita.”