Waosan : Markus 10 : 32 – 34 | Pamuji : KPK 260
Nats: “Para sakabat padha kaget, dene wong-wong kang ndherekake padha wedi…..” [ayat 32]
Kados pundi raosing manah kita menawi salah satunggaling tiyang ingkang kita tresnani pamit badhe nilaraken kita, awit rumaos bilih boten dangu malih Gusti Allah badhe nimbali? Mbokmenawi kita kaget lan rumaos sedhih, kuwatos, lan ugi ajrih. Ajrih menawi punika kedadosan saestu. Ing ngriku wonten perkawis-perkawis ingkang dipun aturaken kangge kita, inggih punika arupi piweling kangge kelajenganing gesang. Piweling supados kita tansah rukun kaliyan sedherek, mboten gampil padu lan sapiturutipun. Sasampunipun mireng perkawis ingkang kados mekaten wau, kita enggal-enggal matur supados tiyang ingkang kita tresnani punika mboten ngendikan kados mekaten, awit saged kawastanan “ngalub” lan ngrumiyini karsanipun Gusti. (“Ngalub” tegesipun ngrembag perkawis awon ingkang dereng kaleksanan, lan kuwatos badhe kaleksanan saestu)
Waosan kita dinten punika nyariyosaken “pamitipun” Gusti Yesus dhateng para sakabat lan pendherekipun. Gusti Yesus dhawuh dhateng para sakabat punapa ingkang badhe kelampahan tumrap Panjenenganipun. Ing ayat 33-34 dipun serat mekaten, “…lan Putrane Manungsa bakal kaulungake marang para pangarepe imam lan para ahli Toret, lan iku bakal netepake paukuman pati tumrap Panjenengane, sarta bakal padha ngulungake Panjenengane marang bangsa-bangsa liya; Panjenengane bakal dipoyoki, sarta diidoni, apadene digebagi lan disedani; nanging sawuse telung dina Panjenengane bakal wungu.”
Mboten namung sepindhah Gusti Yesus anggenipun ngedikan kados mekaten. Sampun wongsal-wangsul piweling punika kadhawuhaken dhateng para sakabat lan pandherekipun. Punapa ingkang dipun dhawuhaken wau, sampun ingkang kaping tiganipun. Cobi dipun pirsani ing Markus 8:31; 9:30-32. Gusti Yesus dhawuh mekaten mboten ateges “ngalub”, nanging pancen meketan tujuanipun Gusti rawuh ing donya, nandhang sangsara lan sinalib seda, kangge kawilujenganipun manungsa. Mila saking punika, sampun ngantos kita kaget lan ajrih, nanging mangga sami bebingah. Amin. [SWT]
“Sang Kristus manjalma ngruwat dosa.”