Komisi Pamaido

10 April 2017

Waosan : Yokanan 12 : 1 – 11 | Pamuji : KPK 121
Nats:“Yagene lenga nared iku ora diedol telung atus dinar, banjur didanakake marang para wong miskin.” [ayat 5]

Komisi Pamaido; istilah punika mbokmenawi asring kita pirengaken. Istilah utawi tembung punika katujokaken kangge tiyang ingkang: sepisan, pendamelanipun namung saged nyacat pandamel utawi pakaryanipun tiyang sanes karana dipun anggep boten sae, boten leres lsp. Nanging menawi piyambakipun dipun pasrahi pendamelan utawi jejibahan tartamtu, mesthi kepengin endha, kanthi alesan ingkang macem-macem, malahan boten mlampah babar pisan.

Ingkang kaping kalih, biasanipun tiyang ingkang asring maido pakaryanipun tiyang sanes punika asring nggadhahi pangajeng-ajeng utawi gagasan ingkang ketingalipun sae lan migunani, nanging sejatosipun kalambaran motivasi ingkang awon. Sedaya kalawau namung supados dipun wastani nggadhahi raos preduli, pinter utawi wasis, mila tiyang sanes badhe dipun ala-ala.

Punapa ingkang dipun aturaken dening Yudas Iskariot punika ugi sae lan migunani. Dedana kangge tiyang miskin punika saestu sae. Ananging anggenipun maido punapa ingkang dipun lampahi dening Maryam punika boten kadhasaran manah ingkang tulus. Ananging karana piyambakipun sanes tiyang ingkang jujur, ingkang kepengin pikantuk keuntungan secara materi.

Kitab Suci nedahaken bilih Yudas Iskariot punika minangka bendhahara ingkang boten jujur lan asring tumindak korup. Sedaya ingkang dipun aturaken namung karana nggadhahi rancangan ingkang awon. Lisah narwastu utawi lisah wangi nared punika saestu awis. Reginipun ngantos 300 dinar. Menawi 1 dinar punika sami kaliyan arta Rp. 100.000,- (ing jaman samangke), mila reginipun kinten-kinten 30 yuta Rupiah. Arta ingkang ageng punika tamtu ndadosaken Yudas Iskariot dhawah ing panggodha.

Makarya sesarengan kaliyan Gusti punika mesthinipun linambaran niyat ingkang tulus, boten karana kita nggadhahi pepinginan memperkaya dhiri, kepengin dipun ajeni lsp. Menawi kita sampun nggadhahi niyat ingkang boten sae, kita kedah waspada. Sampun ngantos mangke kita dhawah lumebet wonten ing kelompok pamaido. Mila, sumangga kita tansah waspada.[DK]

“Aja nganti kalah karo besel, aja kesasar merga kasugihan” (Ayub 36:18)

Renungan Harian

Renungan Harian Anak