Katresnan Kang Sejati

20 April 2017

Waosan : Mustikaning Kidung 2 : 8 – 15 | Pamuji : KPK 165
Nats: “Kekasihku wiwit ngandika marang aku: Tangia, memanisku, mrenea, intenku!” [ayat 10]

Katresnan wujudaken prekawis ingkang penting sanget ing pigesangan kita sami. Kados pujian: lamun kula anglampahi tindak luhur mulya…angucapna gung basa ing donya…..andanakna bandha dalah nyawa…. nging yen tanpa tresna yekti muspra tanpa gina. Sedaya boten wonten ginanipun menawi tanpa kalambaran katresnan ingkang sejati.

Ayat 8,9 nggambaraken wonten tiyang estri/ perawan ingkang ngantos-antos kekasihipun. Kita saged nggambaraken, saiba cepet piyambakipun lumampah dhateng cendhela, “delengen..dheweke teka!” Kabereg raos tresnanipun, sang kekasih cepet-cepet mlompat-mlompat kados kidang utawi anak menjangan. Sekedhap kemawon sang kekasih sampun dumugi temah manggihaken kamaripun perawan wau. Kita saged ngraosaken kadospundi bingahipun saged pinanggih kaliyan kekasihipun, sesampunipun sawetawis wegdal pepisahan.

Inggih mekaten anggenipun para tiyang Kristen tansah kepengin celak lan ningali pasuryanipun Gusti, tansah kapang kaliyan Gusti ing sadhengah wegdal. Kebabaring pepenginan menika ingkang dados wosing pangajeng-ajengipun tiyang Kristen.

Mangsa ingkang kasebat ing ayat 10-15 menika sajakipun mangsa semi, mangsa ing pundi alam lan pigesangan kaengalaken. Miturut Cameron, sesampunipun mangsa asrep ing pundi tutuwuhan ketingal pejah, swasana ingkang estu nengsemaken dumadakan kelampahan ing Siria srana wontenipun jawah ingkang kawitan. Bumi kados-kados ngangge mantel ijem anem lan ketingal maneka warni sekar. Wana kinebakan swantening nyanyian ingkang kapireng kanthi nada ingkang paling endah lan manis.

Mangsa semi, wegdalipun muda-mudi sesukan lan andon tresna. Menapa tiyang Kristen ing salebeting iman kapitadosanipun, tansah ngantos-antos mangsa semi ingkang langgeng lan wontenipun patangen ingkang enggal ing salebeting greja, selaku penganten estri saking Sang Kristus? Ing ayat 10 lan 13, sang kekasih mendorong lan meksa: “tangia, memanisku, mrenea, intenku!” Amin [SS]

“Sapa bisa ngrasakne sih katresnane Gusti, mesthi tansah kangen mring Gusti.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak