Waosan : Yesaya 53 : 1 – 12 | Pamuji : KPK 19 : 1, 2
Nats: “Mangka kasunyatane lelara kita kang disanggi, lan kasangsaran kita kang dirembat…….” [ayat 4]
Pendhita pasamuwan kathah sanget refleksi (reraosan) ingkang saged kapethik saking lampah gesanging pasamuwan. Peladosan saged lumampah menawi taksih wonten paraga ingkang saestu tresna dhumateng Gusti lumantar grejanipun lan saged kaajak ‘mbat-mbatan’ bab pakaryanipun Gusti. Kosokwangsulipun, lampah peladosan badhe seyat-seyot menawi sami repot kaliyan urusan gesang piyambak-piyambak, tanpa perduli tumrap gesanging pasamuwan. Kasunyatanipun, taksih kathah kanca ‘mbat-mbatan’ ing lampahing peladosan, mboten namung saged kaajak nguda raos, ananging ugi saged kaajak ningali potensi lan peluang ing satengahing tantangan peladosan.
Nabi Yesaya nelakaken bilih manungsa punika sejatosipun cilaka gesangipun (ayat 6), kados dene menda ingkang kesasar, tanpa pitulungan, mboten mbadhe slamet. Wonten pribadi ingkang mboten namung winates saged kaajak mbat-mbatan, anaging langkung saking punika, sadaya ‘pasang badan’ kangge mbelani manungsa. Lan dhawuh punika kaleksanan kanthi rawuhipun Gusti Yesus Kristus, Juru wilujeng kita sedaya.
Wekdal kita ngalami pacobening gesang, asring kita punika rumaos piyambakan. Kanthi reraosan punika kita kaemutaken malih bilih kita mboten piyambakan. Wonten Gusti ingkang mangertos rempuning manah kita. Gusti saged kaajak mbat-mbatan ngudhari ruwet-rentenging gesang kita. Gusti ugi mboten negakaken kita piyambakan. Wonten pribadi-pribadi ingkang kautus paring pitulungan dhateng kita. Pribadi-pribadi punika saged paring pambiyantu mbikakaken margi ingkang karaos buntu lan paring wawasan perkawis ingkang mboten saged kita tingali.
Namung wekdal kita nggadhahi momotan, kita punika lajeng menutup diri saking tiyang sanes lan nggebyah uyah menawi sedaya mboten saged mangertos kawontenan kita. Mboten! Kita gesang ing satengahing patunggilan. Salah satunggalipun titikaning patunggilan rak nggih saged dados papan ‘mbat-mbatan’ ta? Punapa taksih wonten ingkang ‘mbat-mbatan’ dhateng kita? Utawi kita langkung repot kaliyan gesang kita piyambak? [PKS]
“Mirengaken tiyang sambat punika berkah, karana ing ngriku kita ugi kakiyataken.”