Waosan: Efesus 4 : 25 – 32 | Pamuji : KPJ. 348
Nats: “Nanging kowe dipadha sumanak……” (Ay. 32)
Punapa ingkang panjenengan lampahi menawi pepanggihan kaliyan sedherek utawi kanca? Mendel kemawon punapa ngrumiyini nyapa? Utawi paring uluk salam lan mesem ugi jabat asta? Kanthi ngendikan: “Hallo brow”, ”Hallo ker”, “Piye kabare rek…..” Raosing batos punika adem menawi ing salebeting pepanggihan kaliyan sedherek utawi kanca sedaya sami sumanak. Swasana ugi badhe kraos akrab. Benten sanget raosipun menawi ing salebeting pepanggihan sami mendel lan pasuryan ingkang mbesengut. Swasana badhe kraos kaku lan mboten sekeca sanget. Ing ngriku badhe tuwuh raos males menawi badhe pepanggihan.
Rasul Paulus ngegetaken dhateng para umat kagunganipun Gusti ing pasamuwan Efesus supados anggenipun mangun gesang sesarengan tansah sumanak. Sampun ngantos wonten derdah lan pasulayan. Awit sedaya sami dados gegelitaning badan setunggal. Sedaya sami kaajak njagi wicantenan, mboten ngedalaken tetembungan ingkang reged. Lan ugi sami mbuwang raos serik, brangasan, gampang nepsu, tukar padu lan panyatur ingkang awon. Salintunipun punika sedaya sami sageda mujudaken katresnan antawisipun satunggal lan satunggalipun. Menawi wonten kalepatan kasuwun sedaya sami paring pangapunten.
Kita gesang mboten piyambakan. Kita gesang sesarengan kaliyan sesami. Sae wonten ing satengah-tengahing brayat, pasamuwan, mekaten ugi masyarakat. Pancen mboten gampil mujudaken pasrawungan ingkang sae lan tansah sumanak. Kita sadar bilih saben tiyang kagungan sifat lan pemanggih ingkang benten-benten. Ing bab punika kita mboten saged selak. Mila saking punika Rasul Paulus ngengetaken kita supados saged njagi pasrawungan. Kita sami kaajak mbangun pasrawungan kanthi sae. Mangga kita nuladhani Gusti Yesus Kristus, ingkang tansah nresnani dhateng sinten kemawon, satemah pasrawungan dados sae. Amin. (SWT).
“Tungal ati, tunggal Gusti, nengsemken sesami”