Wonten Ewah-Ewahan Renungan Harian 23 Februari 2020

23 February 2020

Waosan : Matius 17 : 1 – 9 |  Pamuji  : KPJ. 281
Nats: “… Iki putraningSun, kekasihingSun, kang damel renaning  penggalihingSun, iku sira rungakna” (Ay. 5b)

Teknologi kedokteran samangke ngalami kemajengan ingkang ngedhap-edhapi. Conto kemawon operasi plastik dadosaken tiyang ingkang suwaunipun biasa-biasa kemawon saksampunipun operasi plastik dados sulistya ing rupi tumunten kathah tiyang ingkang ningali sami ngungun.

Petrus nate ngungun awit ningali transfigurasi utawi perubahan bentuk ingkang dipun tingali sacara kasat mripat. Gusti Yesus, Nabi Musa lan nabi Elia ngetawis kanthi pasuryan lan ageman ingkang mencorong, pasuryan kamulyan. Pramila Petrus lajeng usul dhumateng Gusti Yesus kados pundi menawi papan punika dipun degaken terop kagem Panjenenganipun. Petrus klentu pemanggih, anggenipun nanggapi prastawa punika. Wonten ing penggalihipun Petrus kepingin damel tetenger, supados priyantun tiga kalawau tetepa wonten ing papan punika. Gusti Allah lajeng ngengetaken Petrus kados dhawuhipun,“… Iki putraningSun, kekasihingSun, kang damel renaning  penggalihingSun, iku sira rungakna” (Ay. 5b). Cahya kamulyan punika sejatosipun paring piwucal dhumateng Petrus bilih ing sakwingkingipun prastawa ngedhap-edhapi kalawau wonten prastawa ingkang mrihatosaken. Prastawa ingkang kedah dipun tindakaken dening Gusti Yesus inggih punika prastawa salib. Ingkang sejatosipun nglantaraken wonten ing kamenangan, kamulyan senaosa kedah nandhang sungkawa, daksiya, kabandha ingkang badhe ngiyataken manah lan imanipun para muridipun Gusti Yesus.

Piwucal kangge kita sedaya inggih punika prastawa transfigurasi pancen ngedhap-edhapi, ananging langkung indah menawi patrap gesang kita punika wonten ewah-ewahanipun. Kamulyanipun Gusti Yesus saged ngribah gesang kita awit kita sami taberi mirengaken dhawuh sabdanipun Gusti. Ewah-ewahan punika saged kita alami kanthi dhedhep sirep wonten ngarsanipun Gusti, ndedonga, mangun pangibadah, saged ugi nalika kita ngadepi krisis. Ewah-ewahan ugi saged arupi pitakenan teologis inggih punika, “Yen Gusti Yesus ngetingal saiba indahe awit kamulyan wis diwulangake, apa aku terus urip kebak dosa, apus krama, lan daksiya, apa aku isih ngabdi marang dosa?” Mugi-mugi boten malih. (Jian)

“Kamulyanipun Gusti dadosaken gesang kita ayem tentrem, lan sukarena awit kamulyanipun Gusti dados kamulyan kita”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak