Mawas Dhiri Pancaran Air Hidup 17 November 2026

17 November 2026

Waosan:  1 Tesalonika 5 : 12 – 18  |  Pamuji: KPJ. 185
Nats: “Eling-elingen, aja nganti ana wong kang males ala marang wong kang gawe piala, nanging tansah padha ngudia marang kabecikan, iya tumrap para sadulur, iya tumrap wong kabeh.” (Ayat 15)

Supados dugi tujuan kanthi wilujeng, sopir mboten namung ningali ngajeng kemawon, ananging ugi kedah ningali kaca spion lan dashboard. Spion ginanipun kangge mangertosi kahanan wonten wingking utawi sisih, dene dashboard ngetingalaken kahanan mesin, bensin, lan angka mlakunipun kendaraan. Menawi sopir punika mboten purun “mawas dhiri” kanthi mriksa piranti punika, mesthi bakal nemahi bebaya, saged tabrakan, bensinipun telas, mesin risak. Semanten ugi ing pigesangan kita. Menawi kita mboten mawas dhiri, mriksa manah lan tindak-tanduk kita, kita saged kesasar lan mblasar, dawah ing kalepatan.

Rasul Paulus paring piwulang kanthi cetha babagan kados pundi tiyang pitados gesang sesarengan lan gesang pribadi. (1). Mawas dhiri ing sesambetan (Ay. 12-13). Saben tiyang pitados sami “ngurmati” lan “nresnani”, mliginipun dhateng para pemimpin ingkang sampun nuntun kita. Sampun ngantos remen congkrah, remen nyalah-nyalahaken liyan, lan nggadah raos iri dhateng pemimpin. Manah ingkang sae punika purun ngakeni kaluwihan lan pakaryanipun Gusti Allah lumantar tiyang sanes, lan milih gesang rukun. (2). Mawas dhiri ing tumindak (Ay. 14-15). Kita dipun dhawuhi kangge ngengetaken tiyang ingkang tumindakipun mboten bener/leres, nglipur ingkang sedhih, kecalan pangajeng-ajeng, mitulungi ingkang ringkih, lan sabar. Pitakenan kangge kita, punapa kita gampang nesu? Punapa kita badhe mbales ala kaliyan tumindak ala? Manah ingkang sampun dipun priksa bakal milih ngalah lan tumindak becik, senadyan dipun larani. (3). Mawas dhiri ing spiritualitas (Ay. 16-18). Ingkang wigatos, gesang punika kedah bingah, mboten kendhat ndendonga, lan tansah saos sokur ing sadengah kahanan ingkang dipun lampahi awit sadaya punika ingkang dipun karsakaken Gusti Allah.

Ing satengahing pacoban lan tekanan, manungsa saged dados individualis lan lumampah miturut pikajengipun piyambak. Pengaruh teknologi saged ndadosaken kita mboten peduli dhateng liyan. Lumantar media sosial, asring tiyang gampil ngadili tiyang sanes. Swawi kita sami mawas dhiri, supados kita mboten dawah ing tumindak ala, nanging saged ta kita ngraosaken bingah, ndedonga, lan saos syukur. Kita mboten nglirwakaken kasunyatan ananging mangga kita milih pitados bilih Gusti Allah tansah nguwasani sadaya kahanan. Punapa kemawon ingkang kita alami, kita sageda tumindak becik. Amin. [Sungsang].

“Mulane aja padha turu, nanging ayo padha eling lan waspada.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak