Wani Opo Ora

Waosan: Ibrani 11:23-29    |   Pamuji: KPK 150

Kanggé sapèrangan tiyang, gesang neningkahan punika dados pangajeng-ajeng, nanging kanggé sapèrangan tiyang sanèsipun, bab punika saged dados prekawis ingkang nuwuhaken raos ajrih lan was-sumelang. Menawi dipun penggalih, kathah nèm-nèman ingkang ajrih, karana sumelang yèn ing tembé mburi boten saged nyekapi kabetahan gesang kulawarganipun.

Raos ajrih, was sumelang punika èstunipun limrah sanget kanggénipun para nèm-nèman ingkang dèrèng nggadhahi pengalaman bab gesang bebrayatan, sanajan yuswanipun sampun cekap lan sampun pantes menawi badhé neningkahan. Pancen menawi dipun penggalih kanthi saèstu, sanyatanipun sacara matematika Gusti Allah punika saèstu bèntèn kaliyan ètangan kita. Punapa ingkang kita anggep boten badhé cekap, nyatanipun dipun cekapi dening Gusti Allah piyambak, malah kepara wonten sisanipun.

Nabi Musa, sang pemimpin bangsa Israèl mesthinipun ugi naté ngalami pergumulan ingkang awrat, malah saged ugi ngraosaken krisis kapitadosan (bdk. Kel 3:11). Ananging nalika Gusti Allah saged nuwuhaken rasa percaya diri-nipun Musa, mila Musa sagah lan wantun nindakaken karsanipun Allah. Sedaya kalawau saged kalampahan karana iman ingkang kukuh lan tansah ngener dhateng Gusti Allah piyambak.

Kanthi iman, kita saged nglampahi sadaya prekawis, wiwit ingkang alit ngantos ingkang ageng utawi awrat, malahan ugi ingkang ketingalipun boten mokal babar pisan. Mila kita boten perlu gumun, menawi kita pinanggih  kulawarga ingkang ketingalipun pas-pasan, nanging saged nyekapi kabetahan kulawarganipun sanajan kanthi prasaja. Dados punapa para nèm-nèman taksih rumaos sumelang lan badhe menunda-nunda diri? Purun miwiti, lan lumampah kanthi iman dhateng Gusti Allah, punika kuncinipun. Prasaja kemawon, boten neka-neka. Mila sumangga kita wujudaken sedaya pangajeng-ajeng kita kanthi pitados dhateng Sang Rama lan ngraos-raosaken pakaryanipun Gusti Allah ing salebeting gesang kita. Amin.  [DK]

“Aja kuwatir, sumendhea marang Gustimu!”

 

Bagikan Entri Ini: