Waosan: Rum 7: 1-6 | Pamuji: KPK 141: 1,3.
Nats: “Kowé wis padha mati mungguhing Torèt, jalaran kowé wis padha ditunggilaké karo sarirané Sang Kristus. Saiki kowé wis dadi kagungané Gusti Yésus, sing wis kawungokaké saka ing séda, supaya urip kita ana paédahé kagem Gusti Allah.” (ayat 4)
Namung saperlu ngengetaken bilih enering bebrayatan nggih menika mbangun kulawarga ingkang tentrem raharja lan ndherek ing pakaryanipun Gusti Allah. Karana Gusti Allah ingkang yasa bale griya saha ingkang mberkahi, pramila kulawarga menika dipun kersakaken ndherek nindakaken pakaryanipun Gusti ing alam donya menika. Berkahipun Gusti Allah katumrahaken dhateng brayat boten kagem brayat menika piyambak, nanging supados kaagema dados sarana kababaring pakaryanipun Gusti lumantar brayat. Saben brayat mesthi wonten pribadi-pribadi ingkang gesang sesarengan. Saben pribadi mesthi (nate) gesang sesarengan kaliyan brayat.
Kita saben pribadi dipun kersakaken supados gesang kita maedahi tumrap pakaryanipun Gusti Allah, supados kita ngalami “urip piguna” kagem Gusti Allah. Dhasaripun, kita sampun kauwalaken saking gesang ingkang kaereh dening pangwasaning dosa. Gesang ing rehing dosa menika nglaha, boten wonten paedahipun menapa-menapa kejawi namung njalari karisakan. Kita malah sampun katunggilaken kaliyan sariranipun Gusti Yesus Kristus. Kados dene gesangipun Gusti Yesus Kristus -malah sasedanipun pisan- tansah maedahi tumrap karahayon lan katentremaning gesangipun manungsa, mekaten ugi gesang kita -malah sapejah kita- kedahipun ugi piguna kagem Panjenenganipun.
Sumangga kita mbangun karohanen kita, supados gesang kita saestu piguna kagem pakaryanipun Gusti Allah wonten ing brayat/ kulawarga kita. Salajengipun, supados brayat kita saestu dados brayat ingkang piguna kagem Gusti Allah wonten tengahing pasamuwan lan masyarakat. Kawontenaning masyarakat kita ingkang kebak raos sengit, piawon, panandhang lan bencana, saestu mbetahaken wujuding sih katresnan, pakaryan, pangwasa lan karsanipun Gusti lumantar gesang kita pribadi lan brayat kita. [st]
“Urip kang piguna iku mesthi dadi berkah tumrap awake dhewe lan liyan.”