Pangaken Pancaran Air Hidup 17 April 2026

17 April 2026

Waosan: Yesaya 26 : 1 – 4  |  Pamuji: KPJ. 255
Nats: “Padha kumandela marang Sang Yehuwah ing salawase, awit Sang Yehuwah Allah iku gunung parang kang langgeng.” (Ayat 4)

Kathahipun tiyang tumbas barang elektronik punika pados barang ingkang awet lan kualitasipun sae. Mila ing Indonesia wonten istilah SNI (Standard Nasional Indonesia) ingkang dipun tetepaken dening Badan Standardisasi Nasional (BSN). Tujuanipun SNI punika kangge paring jaminan bilih barang ingkang dipun sade lan dipun tumbas wonten ing toko-toko punika sampun lulus uji mutu, kaamanan, kaslametan, lan kalestarian lingkungan. SNI punika dados jaminan bilih barang punika aman lan layak dipun ginakaken konsumen. Mekaten ugi saged kangge ningkataken daya saing kaliyan barang-barang saking manca. SNI punika wujuding pangaken bilih barang punika pancen kualitasipun sae.

Waosan kita ing dinten punika minangka nyanyian pepujian bab kamenanganipun Gusti Allah. Wonten pangaken nabi Yesaya ingkang nyekseni bilih Gusti Allah punika gunung parang ingkang langgeng (Ay. 4). Nabi Yesaya paring paseksi dhateng bangsa Yehuda, “Kita kadunungan kutha kang santosa, kanggo nyaletake kita, Pangeran Yehuwah wus masang tembok lan beteng.” (Ay. 1). Saking ayat punika, nabi Yesaya ngiyataken bangsa Yehuda bilih namung Gusti Allah kemawon ingkang dados sumbering kawilujengan. Namung Gusti Allah kemawon ingkang saged paring tentrem rahayu (Ay. 3). Pramila nabi Yesaya ngajak dhateng bangsa Yehuda supados kumandel dhumateng Gusti. Panjenenganipun punika gunung parang ingkang langgeng (Ay. 4), punika pangakenipun nabi Yesaya ugi bangsa Yehuda.

Salebeting mangsa Paskah punika, kita dipun ajak ngakeni bilih Gusti Yesus sampun wungu. Pati sampun kawon lan Panjenenganipun gesang selaminipun. Paskah punika dados kakiyatan gesang kita awit iman kita sansaya tuwuh ing pitados. Kita gesang srana pangajeng-ajeng bilih Gusti Yesus ingkang sampun wungu tansah nunggil gesang kita. Sanadyan kita mboten ningali sacara langsung nanging kanthi iman kita saged nyekseni pakaryanipun Gusti Yesus wonten gesang kita. Kita saged ngraosaken bilih Gusti Yesus tansah ngrimati gesang kita. Mila namung pangaken tulus kagem Gusti Yesus ingkang kita ucapaken, “Gusti Yesus punika tuking kawilujengan lan katentreman gesang kita.” Amin. [AR].

“Sumbering katentreman lan kaslametan uripku kuwi mung saka Gusti Yesus!”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak