Waosan : Wahyu 18 : 21 – 24 | Pamuji : KPK 147: 1, 2
Nats: “Sarta suwarane para panylempung sarta para pasindhen, sarta para panyuling apa dene panylompret, ora bakal keprungu maneh ana ing kowe, ….” [perangan ayat 22]
Numpak sepeda sampun dados perkawis ingkang biasa tumrap kula. Malah wonten ingkang mastani anggen kula numpak sepedha punika banter kados alap-alap mabur. Kula kinten sedaya ugi badhe mekaten menawi marginipun sekeca, jembar lan boten rame. Ananging menawi sampun manggih margi ingkang kathah wedhinipun (pasir), kula rumaos was-was lan mesthi mlampah kanthi alon-alon sanget. Kenging punapa? Mbokmenawi saged kawastanan trauma karana nate dhawah keseret margi ingkang kathah wedhinipun.
Sinten ing alam donya punika ingkang boten kagungan pergumulan, permasalahan? Lan sinten ingkang boten kepengin enggal-enggal luwar saking reribeding gesang punika. Dene menawi reribeding gesang punika boten dipunrantasi kanthi wicaksana, badhe ndadosaken nglokro, depresi, trauma lan boten wonten malih semangat kangge nglajengaken gesang.
Kitab Wahyu ngengetaken malih kados pundi sejarah Bangsa Israel wekdal wonten ing panandhang karana kuwaosipun Bangsa Babel. Pergumulannipun bangsa punika boten remeh, ananging pergumulan bab pati lan gesang umat pilihan. Bangsa Babel punika ndadosaken bangsa Israel teluk tanpa daya. Ing swasana punika, Gusti rawuh paring kekiyatan lan pangluwaran ingkang sejati. Gusti mangertos bilih luwar punika boten namung perkawis badan ingkang boten kakungkung, ananging ugi jiwa ingkang mardika, tanpa trauma. Mila punapa kemawon ingkang ndadosaken trauma kados dene kuwaosipun Bangsa Babel, bab swasananipun, bab pakulinanipun bangsa punika ugi dipuntebihaken saking lampah gesang Bangsa Israel.
Kathah perkawis ing gesang ingkang ndadosaken kita ajrih lan trauma. Mangga pakaryanipun Gusti ingkang ngluwari kita saking panandhang ingkang ndamel trauma, kita imbangi kesadharan bilih gesang punika boten badhe cuthel namung karana nggadhahi persoalan. Boten wonten persoalan ingkang boten saged karampungaken. Gusti ngersakaken kita tetep saged ningali endahing gesang lan semangat nglajengaken lampah pigesangan kita. [PKS]
“Urip ora mung saambane godhong kelor.”