Taksih Wonten Pengajeng-ajeng

26 August 2017

Waosan : Yehezkiel 36: 33-38   |   Pamuji: KPK 143: 1, 3
Nats:
“Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing dina anggoningSun ngresiki sakehing kasalahanira, Ingsun bakal ndadekake kutha-kutha padha dienggoni maneh lan reruntuhan bakal kabangun maneh.” (ay.33)

Punapa wonten perkawis lintu ingkang saged ngungkuli kabingahaning manungsa ingkang pikantuk pangluwaran? Tiyang ingkang sakit dados pulih; tiyang ingkang kaukum medal pakunjaran; tiyang ingkang kaniaya pikantuk pembebasan; tiyang ingkang dosa pikantuk pangapura. Sakit, kaukum, kaaniaya dados kahanan ingkang dipun alami dening manungsa sarta ndadosaken manungsa ngraosaken sisah, lungkrah lan pupus kabingahanipun.

Mboten wonten ingkang langkung mbingahaken, kejawi wangsul ing negarinipun, ing griyanipun piyambak. Negari papan kangge gesang sesarengan kanthi ayem tentrem. Dene kasunyatanipun Israel kados-kados mokal kapulihaken karana sanget risakipun. Punapa malih kahanan Israel sampun dipun tilar dangu sanget. Ananging ing kahanan awrat punika wonten pangajeng-ajeng ingkang endah kaparingaken dening Gusti Allah tumrap Bangsa Israel. Reruntuhan badhe kabangun malih, tanah ingkang bera saged katanami malih ngantos malih kados taman Eden. Pancen sedaya punika taksih dados pangajeng-ajeng, dereng saestu dipun tampeni dening Bangsa Israel. Ananging saestu kedadosan karana Gusti Allah ingkang paring janji lan mesti dipun tindakaken kanthi sampurna.

Kasunyatan gesang ing alam donya punika pancen asring ndadosaken kita wonten ing kahanan mentog, kados-kados mboten wonten pangajeng-ajeng malih. Manungsa saged paring penilaian, tetimbangan lan putusan adhedhasar pangertosan, kawruh, teori lan teknologi. Ananging Gusti punika ngungkuli kekiyatan, pangertosan sarta teori punapa kemawon. Mila dhateng pundi malih kita saged sambat? Mboten wonten ingkang mokal tumrap panguwaosipun Gusti. Malah ngantos kita pejah pangajeng-ajeng punika tetep wonten, inggih punika gesang langgeng ing swarga. [PKS]

“Aja nganti nate kelangan pangarep-arep!”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak