Waosan: Ibrani 3 : 1 – 6 | Pamuji: KPJ. 445
Nats: “Mulane, heh para sadulur kang suci, … padha mawasa marang Sang Rasul sarta Imam Agung kang kita akoni, iya iku Gusti Yesus.” (Ayat 1)
Punapa panjenengan nate mirsani satunggaling pendaki gunung ingkang saweg nggayuh pucuking gunung? Piyambakipun kedah fokus dhateng tujuan ing ngajengipun, nyingkiri pepalang, lan tansah ningali dhateng arah pucuk. Menawi piyambakipun kecalan fokus, piyambakipun saged kesasar, dhawah, ugi nyerah. Sami kemawon kaliyan gesang iman kita, kita kedah mawas dhumateng Gusti Yesus, mliginipun ing salebeting wulan kespel punika.
Waosan kita dinten punika ngajak kita mawas dhumateng Gusti Yesus minangka Rasul lan Imam Agung ingkang kita akeni. Rasul saking tembung Yunani Apostolos, tegesipun utusan. Dados, Gusti Yesus punika utusanipun Gusti Allah ingkang sampurna kangge ngaturaken pawartos rahayu lan kawilujengan saking Gusti Allah dhateng kita. Gusti Yesus ugi dipun sebat Imam Agung, tegesipun “perantara utawi lantaran.” Dados, Gusti Yesus punika ugi dados perantara antawisipun Gusti Allah kaliyan manungsa. Lumantar pangurbananipun Gusti Yesus ing kajeng salib, Panjenenganipun sampun mbikak margi kangge kita supados saged nyelak lan mangun sesambetan ingkang sae kaliyan Gusti Allah.
Ing wulan Kespel samangke, mawas dhumateng Gusti Yesus punika ateges kita kedah nulad Panjenenganipun ing salebeting tetembungan lan tumindak kita. Paseksi kita kedah saged mujudaken katresnan lan kayektosanipun Gusti Yesus. Peladosan kita kedah dipun lambari raos andhap asor lan pangurbanan kados ingkang sampun dipun tindakaken dening Gusti Yesus. Sampun ngantos kita kejiret ing salebeting rutinitas peladosan ingkang nglaha tanpa makna. Sampun ngantos paseksi kita namung dados tetembungan tanpa tumindak nyata. Kita kedah enget bilih paseksi lan peladosan ingkang sejati punika ingkang saged dados lantaran kaluhuran asmanipun Gusti lan saged dados margining berkah dhateng tiyang sanes.
Sumangga kita tansah mawas dhumateng Gusti Yesus ing saben babagan gesang kita, mliginipun ing salebeting paseksi lan peladosan kita. Mugi katresnanipun Gusti Yesus saged dados tuladha tumrap kita minangka para seksi-nipun Sang Kristus. Kita tedahaken bilih kita punika seksi ingkang setya lan pelados ingkang andhap asor. Kanthi makaten, gesang kita tamtu saged dados berkah kangge tiyang kathah. Amin. [nn].
“Ngener dhateng Gusti Yesus ndadosaken pigesangan kita saged dados paseksi ingkang gesang lan peladosan saged dados berkah.”