Samadya

Waosan : Wulang Bebasan (Amsal) 23 : 1 – 11  |  Pamuji : KPK 163 : 2, 3
Nats: “Yèn sing disuguhaké karemanmu, kowé kudu nyegah pangangah-angahmu. Aja kakèhan olèhmu ngrahapi suguhan sing énak-énak mau…” [ayat 2-3a]

Nalika kula sabrayat badhe wangsul dhateng Indonesia saking Afrika, anak kula ngundang rencang-rencang dolananipun, tiyang-tiyang Afrika, nedha lan tilem dhateng griya panggenan kula. Ing dalu menika kula sabrayat nyuguhi lare-lare menika tedhan karemanipun, kenthang goreng kaliyan ayam goreng lan sanes-sanesipun. Sareng sampun nelasaken suguhanipun, wonten satunggaling bocah menika ingkang uluk: “Aaah…, tumbo langu litalipuka… (wetengku rasane arep mbledhos…)” amargi kemlekaren.

Tiyang kemlekaren/ kuwaregen nedha mesthi raosipun boten sekeca, mbeseseg, boten saged nindakaken menapa-menapa. Menawi kadamel mlampah kemawon dados suduken ing madharan. Menawi kaagem klekaran/ leyeh-leyeh raosipun malah kesiksa. Kaagem lenggahan kemawon nggih boten sekeca. Dados, kaagem menapa kemawon raosipun boten sekeca.

Waosan kita dinten menika mulang kita supados kita ngendhaleni pepenginan lan kareman kita, supados sampun ngantos kita nguja hawa raga. Sampun ngantos kita nggadhahi pakulinan tansah mburu lan namung purun ingkang kathah, eca lan sekeca, ingkang kita remeni kemawon. Awit menawi kita namung purun lan remen ingkang kathah, eca lan sekeca miturut kareman kita, ing titi wancinipun kita mesthi badhe rumaos kesiksa. Karana, ing satunggaling wekdal, papan lan kawontenan kita mesthi badhe ngalami ingkang sekedhik, boten eca lan sekeca, ingkang boten kita remeni.

Mangga kita ngulinakaken ngendhaleni dhiri, pepenginan lan kareman kita. Kosokwangsulipun, kita ngulinakaken purun nampeni lan ngraosaken ing sekedhik, boten eca lan sekeca, ingkang boten kita remeni. Menawi kita sampun kulina nampeni lan ngraosaken ingkang sekedhik, boten eca lan sekeca, kita badhe saged ngraosaken eca lan sekeca sanget nampeni ingkang samadya, ingkang radi eca lan sekeca. Swalikipun, menawi kita ngulinakaken nampeni lan ngraosaken ingkang eca lan sekeca, kita badhe rumaos kesiksa lan boten ayem menawi kita namung manggihaken ingkang namung sekedhik, boten eca lan sekeca, ingkang boten kita remeni. Sedaya menika perlu sanget kita kulinakaken dhateng anak-putu kita. Samadya kemawon. [st]

“Sing kulina susah, bakal bungah. Sing kulina seneng, bakal seneb.”

 

Bagikan Entri Ini: