Waosan : 1 Samuel 2 : 27 – 36 | Pamuji : KPK 192 : 2
Nats: “Geneya sira tumindak kethaha marang kurban,…” [ayat 29]
Ing budaya Timur, mliginipun Jawi wonten kapribaden bab unggah-ungguh, tata krama lan budi pekerti. Punika sedaya kaginakaken kangge sesambetanipun tiyang gesang: dhateng sesamining titah, ugi dhateng Gusti Allah. Ing salabeting tata basa, menawi wonten lare celathu, “bapak sare, kula siram” tamtunipun punika kirang trep. Karana saking ungelipun basa, punika sampun ngandhut bab unggah-ungguhing basa. Wewaton saking unggah-ungguh punika: nganggep bilih tiyang sanes punika langkung aji tinimbang awake dhewe. Saking unggah-ungguh punika lajeng tuwuh raos urmat utawi ngajeni dhateng Gusti ugi sesami titahipun. Kados dhawuhipun Kitab Suci: “kowe padha tresna-tinresnana dikaya sadulur, lan dadia tuladha ing bab ajen-ingajenan.” (Roma 12:10).
Waosan kita nyariosaken bab lakunipun para putranipun Imam Eli (Hofni lan Pinehas) ingkang babar pisan boten nggadhahi unggah-ungguh. Kasebat Hofni lan Pinehas punika dursila lakunipun (ayat 12), asring ngenthit pisungsung korban (ayat 13-16), “ngemori turu para wong wadon kang leladi” (ayat 22). Kenging punapa? Karana Imam Eli punika langkung ngalembana putra-putranipun tinimbang urmat lan ngajeni Gusti Allah (ayat 29). Ateges boten wonten pamerdi babar pisan saking tiyang sepuh dhateng putranipun. Malah-malah Imam Eli pirsa menawi Hofni lan Pinehas sampun nyawiyah dhateng Gusti Allah, nanging boten dipun srengeni.
Kasus ‘salah panggulawenthah’ ing brayatipun Imam Eli punika nuwuhaken dampak ingkang awon sanget anggenipun para putranipun punika boten nggadahi unggah-ungguh dhateng Gusti Allah ugi dhateng sesami. Kosokwangsulipun, Samuel tuwuh ing salebeting pamerdi ingkang sae. Ibu Hana saben tahun ngajak Samuel nyaosaken kurban dhateng Gusti Allah kanthi raos urmat, sarta ndamelaken jubah alit dipun paringaken dhateng Samuel. Pramila pantes menawi Samuel ugi dados lare ingkang nggadhahi raos urmat dhumateng Gusti lan sesami. [pong]
“Anakmu gulawenthahen, temah bakal ndadekake ayeming atimu,…” (Wulang Bebasan 29:17)