Sadaya Sampun Kacawisaken

Waosan : Ayub 39 : 1 – 12 | Pamuji : KPK 168
Nats: “Ara-ara kang Sunparingake dadi papan padunungane lan tanah asin dadi pasabane.”[ayat 9]

Manusa kathah sanget raos kuwatosipun tumrap kawontenaning jagad dalah isinipun titahing Gusti Allah. Mekaten ugi manusa nguwatosaken gesanging manusa pribadi.

Waosan kita dinten punika nedahaken pangwasa lan kamirahanipun Gusti Allah ngreksa lan ngrimati sedaya titahipun. Awit saking pangrimat lan pengreksanipun punika, sedaya titah saged mranata lelampahaning gesangipun piyambak-piyambak. Contonipun, singa saged mbebedhag (berburu mangsa) piyambak, peksi gagak saged pados pakan piyambak, menda alasan saged meteng lan nglairaken piyambak tanpa kasumurupan utawi tinulungan dening manusa. Sedaya ingkang dipun betahaken lan dipun upadi dening sedaya titahipun kacawisaken dening Gusti Allah. Sedaya kacawisaken lan kaparingaken supados sedayanipun saged mranata lampahing gesangipun lan nyekapi sedaya kabetahanipun. Pancen kangge mranata lan nyekapi gesangipun, sedaya titah kedah nindakaken pambudidaya ingkang sengkut, malah sok ngalami pakewet lan kasangsaran.

Mekaten ugi lampahing gesang kita pribadi lan pasamuwan kita. Sedaya ingkang dados kabetahaning gesang kita sampun kacawisaken dening Gusti Allah. Nanging kita kedah nindakaken pambudidaya (perjuangan) ingkang sengkut tanpa ajrih kangelan lan kasangsaran. Mekaten ugi ing gesanging pasamuwan lan greja kita. Kita kedah kanthi sengkut nindakaken paladosan/ pakaryan ing tegahing pasamuwan/ greja kita tanpa lumuh/ ajrih kangelan lan kasangsaran. Menawi pancen ngalami kangelan -angger kita mbudidaya kanthi sengkut- Gusti Allah mesthi mitulungi kita. Boten benten kaliyan anggen kita nyaosaken pisungsung dhateng greja utawi nyaosaken pisungsung pasamuwan dhateng Majelis Agung, katindakna kanthi tanpa ajrih kekirangan, Gusti Allah mesthi mberkahi -angger kita nindakaken kanthi jujur lan lila legawaning manah-; sedaya sampun kacawisaken dening Gusti Allah, punapaa kemawon kabetahan kita lan pasamuwan kita. Srana mekaten gesang kita pribadi, brayat lan pasamuwan sarta greja kita saestu saged mandiri. [st]

“Kabeh wus kacawisake dening Gusti. Mbudidayaa angupadi!”

 

Bagikan Entri Ini: