Gusti Allah Tansah Nunggil Kita Pancaran Air Hidup 31 Mei 2026

31 May 2026

Waosan: Mateus 28 : 16 – 20  |  Pamuji: KPJ. 144
Nats: “Aku tansah nunggal karo kowe, nganti tumeka ing wekasaning jaman.” (Ayat 20b)

Wonten ing salah satunggaling mall ingkang ageng, wonten pawartos, “Telah ditemukan  seorang anak perempuan bernama Bunga, umur 5 tahun, mengenakan kaos merah celana hitam, bagi bapak ibu yang kehilangan anak tersebut dapat menemuinya di bagian informasi.” Pawartos punika asring kita mireng nalika wonten mall. Tamtu anak punika rumaos ajrih awit sampun pisah kaliyan tiyang sepuhipun. Mekaten ugi tiyang sepuhipun tamtu bingung lan kuwatos kaliyan anakipun punika, ajrih bilih anakipun ical utawi dipun pendet tiyang awon. Nanging nalika anak punika kapanggihaken, raos ajrih lan kuwatos punika sirna gumantos kaliyan raos bingah lan lega.

Waosan kita ing dinten punika nyariosaken dhawuhipun Gusti Yesus dhateng para sakabat sakderengipun mekrat ing swarga. Gusti Yesus ngendika, “Mulane padha lungaa, sakabehing bangsa padha dadekna siswa-Ku, lan padha baptisen ing asmane Sang Rama, Sang Putra lan Sang Roh Suci, apadene padha wulangen bab apa kang wis Dakdhawuhake marang kowe kabeh. Lah, Aku tansah nunggal karo kowe nganti tumeka ing wekasaning jaman” (Ay. 19-20). Gusti Yesus paring printah supados para sakabat nindakaken ayahan peladosanipun, martosaken Injil suci sarta dados seksinipun Gusti dhumateng sadaya manungsa. Gusti Yesus ugi janji tansah nunggil para sakabat ing salampahing gesangipun. Sanadyan para sakabat mboten saged pepanggihan malih sacara jasmani, nanging Gusti Yesus lumantar Sang Roh Suci tansah nunggil lan ngrimati para sakabat-Ipun.

Dinten Minggu punika kita mlebet ing Minggu Trinitas, inggih punika kita mengeti sadaya pakaryanipun Gusti Allah Sang Rama ingkang sampun nitahaken jagad saisinipun. Kita mengeti pakaryanipun Gusti Yesus Kristus Sang Putra ingkang sampun karsa nandhang sangsara, seda sinalib, lan wungu malih, kangge nebus dosa-dosa kita. Kita ugi mengeti pakaryanipun Sang Roh Suci, Rohipun Gusti Allah ingkang nunggil lan nuntun lampah gesang kita ing donya. Kita pitados bilih Gusti Allah mboten negakaken kita piyambakan, Panjenenganipun tansah nunggil gesang kita. Mangga ing Minggu Trinitas punika, kita lampahi gesang kita kanthi mbangun turut dhateng karsanipun Gusti. Kita pasrahaken sawetahipun gesang kita wonten astan-Ipun Gusti awit namung srana nunggil kaliyan Gusti, kita manggihaken katentreman saha kawilujengan. Amin. [AR].

“Gusti Allah, Gusti Yesus Kristus, Sang Roh Suci tansah nunggil gesang kita salaminya.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak