Waosan: Kaimaman 16 : 1 – 5, 20 – 28 | Pamuji: KPJ. 54
Nats: “Sawuse rampung anggone nganakake pirukun tumrap ing pasucen, Tarub Pasewakan lan misbyah, banjur wedhus berok kang isih urip diajokna,” (Ayat 20)
Cobi kita bayangaken, wonten tiyang ingkang mlampah tebih kanthi mbekta tas ingkang awrat sanget. Ing wiwitan taksih kraos saged nahan. Nanging sansaya dangu, lampahipun sansaya pelan, lajeng pundhakipun ngraosaken sakit, lan pungkasan badanipun lungkrah. Momotan punika ndadosaken piyambakipun mboten saged mlampah kanthi lega lan bebas. Mekaten ugi kaliyan dosa. Wiwitanipun kados mboten abot, nanging sansaya dangu sansaya mandhes ing manah lan pigesangan kita. Sejatosipun kita mboten saged nyimpen lan mbekta momotan dosa punika ing salaminipun gesang kita.
Waosan kita ing dinten punika medharaken bab punika. Wonten ing Kaimaman 16, Gusti Allah netepaken dinten Pangruwating Dosa (Dinten Pangruwatan). Nalika imam ageng mlebet ing Papan Mahasuci kangge nyaosaken kurban tumrap dosanipun piyambak lan dosanipun umat Israel, wonten kalih wedhus: setunggal dipun-sembelih dados kurban pangruwating dosa, lan setunggal malih dipun-uculaken ing ara-ara samun sak sampunipun dosanipun umat dipun-tumpangaken ing sirahipun. Punika dados pralambang bilih dosa mboten namung dipun-apunten nanging ugi dipun angkat lan dipun singkiraken saking umat. Satemah manungsa mboten mbekta lan nyimpen momotan dosa ing pigesanganipun.
Pramila, sumangga kita tansah nyawisaken wekdal kangge “dinten pangruwatan” kita sacara pribadi. Kita nliti priksa kawontenan dhiri kita pribadi mbaka pribadi kanthi andhap asor wonten ngarsanipun Gusti. Kita nyadhari momotan dosa punapa kemawon ingkang taksih kita simpen, ingkang ndadosaken manah kita rumaos awrat lan gesang kita tebih saking katentreman. Saking punika, sumangga kita ngakeni dosa-dosa punika setunggal mbaka setunggal kanthi tumemen. Kita nyuwun pangapunten dhateng Gusti Allah. Kita mratobat lan sesarengan kaliyan punika, kita ugi ndandosi lan mbeneraken kahanan gesang kita ingkang sampun risak amargi dosa kita. Kita pitados, srana mratobat, gesang kita dados langkung resik lan tentrem rahayu saking Gusti Allah tansah kita raosaken. Amin. [xie].
“Manungsa Mung Ngundhuh Wohing Pakarti.”