Sinau Pancaran Air Hidup 9 September 2023

9 September 2023

Waosan: Jabur 119 : 33 – 40 | Pamuji: KPJ. 197
Nats: “Kawula mugi Paduka mangretosaken, temah kawula lajeng badhe netepi angger-angger Paduka, badhe kawula estokaken klayan gumolonging manah.” (Ayat 34)

Minangka tiyang sepuh, kita asring ngengetaken anak-anak kita supados purun sinau. Punika supados para anak kita sangsaya mangertos piwulang-piwulang saking bapa lan ibu guru. Lan supados saged pikantuk kasil ingkang sae lan boten nguciwani. Menawi kita asring ngengetaken anak-anak kita supados sregep sinau, punapa kita minangka tiyang sepuh ugi taksih gumregah kangge sinau? Sinau punika saged kita lampahi kapan kemawon lan boten winates papan. Mekaten ugi kita saged sinau bab punapa kemawon.

Salah satunggaling prekawis ingkang kedah kita sinaoni inggih punika bab Dhawuh Pangandikaning Gusti Allah, ingkang kaserat ing Kitab Suci. Sinau Pangandikaning Gusti Allah punika boten namung kelampahan ing sekolah-sekolah teologi kemawon, nanging ugi saged kelampahan ing kegiatan pasamuwan lan gesang kita sadinten-dinten. Malah secara pribadi, kita saged sinau Pangandikaning Gusti Allah ing griya kita piyambak. Ing jaman ingkang sangsaya majeng, ing era digital punika, boten mokal menawi kita sinau saking griya.

Semangat kangge sinau punika saged kita mangertosi saking Juru Mazmur. Ing waosan kita wekdal punika kaserat mekaten: “Kawula mugi Paduka mangretosaken, temah kawula lajeng badhe netepi angger-angger Paduka, badhe kawula estokaken klayan gumolonging manah.” (Ay. 34). Juru Pemazmur kepingin mangertos Dhawuh Pangandikanipun Gusti, karana punika piyambakipun sinau. Prekawis ingkang wigatos, supados kita saged mangertos karsa-Nipun Gusti dhateng kita, kita boten namung ngandhelaken kapinteran kita piyambak, nanging kita kedah ngasoraken manah kita, nyuwun pitulungan lan pangertosan saking Gusti Allah piyambak. Sumangga ing wulan Kitab Suci punika, kita sami gumregah, semangat anggenipun sinau Dhawuh Pangandikanipun Gusti. Sarana tekad punika, kita saged mangertos, langkung-langkung saged nglampahi Dhawuh Pangandikanipun Gusti ing pigesangan kita sadinten-dinten. Amin. [SWT].

“Manah kula sampun siyaga nampi Sabda Mulya”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak