Uwoh Saben Wanci Renungan Harian 9 Oktober 2019

9 October 2019

Waosan  :  Markus 11 : 12 -14, 20 – 26   |   Pamuji  :  KPJ 427
Nats : “Ing kono Gusti Yesus banjur ngendikani wit iku, aja nganti ana wong kang mangan wohmu maneh ing salawas-lawase….” (ayat14)

Kita tamtu remen buah-buahan kados jambu, rambutan, pelem, duren, awit  katah vitaminipun lan raosipun eca. Sawatawis buah-buahan punika ewet dipun padosi menawi dereng wanci mangsanipun. Punapa malih menawi sampun nyidam nanging dereng wancinipun uwoh, tamtu dadosaken raos kuciwa.

Nalika Gusti Yesus lan para sakabat jengkar saking kitha Betania, wonten ing margi Gusti Yesus pirsa wit anjir. Wit punika dipun celaki mbok menawi sampun wonten wohipun. Nanging Gusti Yesus boten manggihi punapa-punapa, namung godhong kemawon ingkang gembel awit dereng mangsanipun wit anjir uwoh. Lajeng Gusti Yesus nyupaosi wit anjir punika lan benjingipun garing ngantos sak oyot-oyotipun. Punapa ingkang dipun tindakaken Gusti Yesus dhateng wit anjir dados pitaken wonten ing manahipun para sakabat, kenging punapa Gusti Yesus nyupaosi wit anjir punika awit nggih dereng mangsanipun uwoh, kedahipun Gusti Yesus saged memaklumi. Ingkang dados pitaken ugi kangge para sakabat, nalika  benjingipun Petrus maringi pirsa kawontenan wit anjir ingkang sampun garing, Gusti Yesus malah paring wangsulan bab pandonga lan prelunipun paring pangapunten dhateng sesami. Kados boten nyambung wangsulanipun Gusti Yesus kalian punapa ingkang dipun aturaken Petrus. Nanging sejatosipun nggih para sakabat ingkang boten saget nangkep piwulang punapa ingkang dipun karsaaken dening Gusti Yesus. Para sakabat namung fokus dhateng wit anjir kemawon. Kamangka ingkang dipun karsaaken Gusti Yesus saking bab wit anjir inggih punika dados umat kagunganipun Gusti kedah ngedalaken uwoh saben wanci boten kenal mangsa.

Dados panderekipun Gusti Yesus punika kedha tansah uwoh. Sumangga ndedongo boten namung nalika wonten karibedan kemawon, tumindhak sae boten namung pas wonten prelunipun kemawon, mangga tansah saos syukur wonten ing sadaya kahanan, tansah mbangun karukunan kanthi paring pangapunten dhateng sesami. (M@uL)

“Sinten ingkang purun uwoh saben wanci gesangipun tansah diberkahi”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak