Waosan: Lukas 20 : 27 – 40 | Pamuji: KPJ. 292
Nats: “Panjenengane iku dudu Allahe wong mati, nanging Allahe wong urip, awit kang ana ing ngarsane kabeh iku wong urip.” (Ayat 38)
Wonten satunggaling pak tani ing pucuking gunung pikantuk pawartos saking perusahaan tambang kangge nyade tanahipun. Tanah punika sampun risak amargi panggundhulan alas. Nanging piyambakipun mboten purun. Piyambakipun milih nandur malih wit-witan sesarengan para nem-neman desanipun. Piyambakipun matur, “Tanah punika mboten namung bab dhaharan dinten punika, ananging ugi bab gesang kula sadaya ing tembe.” Cariyos punika ngajak kita supados nggalih, kados pundi kita saged dukung gesang sejati, mboten namung kangge gesang kita piyambak nanging ugi kangge gesang sesarengan ing tembe.
Gusti Yesus ugi nate ngadhepi pitakenan ingkang awrat saking tiyang Saduki. Tiyang Saduki punika nyoba ngapusi Gusti Yesus kaliyan pitakenan babagan gesang sasampunipun seda. Wonten ayat 27–40, para Saduki ngaturaken pitakenan ingkang dipun pitados saged nglemahaken piwucalipun Gusti Yesus bab wungunipun tiyang pejah. Lajeng Gusti Yesus mangsuli kanthi wicaksana, bilih gesang sejati punika mboten namung babagan gesang wonten donya, nanging gesang sinarengan kaliyan Gusti Allah. Ing ngriki, Gusti Yesus ngajak para rawuh supados mboten gumantung kaliyan logika donya. Panjenenganipun negesaken bilih wungu malih punika mboten namung gesang malih, nanging gesang ing kasunyatan enggal, ingkang kebak katresnan, saha cedhak kaliyan Gusti Allah. Gesang sejati punika gesang ingkang kebak katentreman lan nuwuhaken pangajeng-ajeng bab gesang ing tembe.
Wondene ing donya sapunika, kathah kahanan ingkang ndadosaken gesang mboten tentrem, kados ta: karisakan alam, sesambetan ingkang kebak raos sengit, lan tumindak mboten adil ingkang nyebar. Minangka tiyang pitados, kita kedah nggadhahi semangat kangge nglestarekaken gesang. Kita wiwiti saking prekawis alit, kados ngiyataken tiyang ingkang nandhang sangsara, ngrimati alam, mbangun sesambetan ingkang sae kaliyan sesami, sarta mboten kendhat ing pangajeng-ajeng. Gesang kita ndherek Gusti Yesus, gesang ing katresnan. Mangga kita sami sedya ngrimati titahipun Gusti, gesang srana pangajeng-ajeng, lan nresnani sesami. Kita sesarengan mbangun jagad ingkang kebak pangajeng-ajeng, kabecikan, lan katentreman. Amin. [KYP].
“Urip ya urip nanging aja mung sawates urip, tuwuhna woh kang apik.”