Makarya Sesarengan Pancaran Air Hidup 27 Mei 2026

27 May 2026

Waosan: Wilangan 11 : 24 – 30  |  Pamuji: KPJ. 288
Nats: “Sokur manawa umate Sang Yehuwah kabeh padha dadi nabi, marga padha kaparingan Rohe Pangeran Yehuwah!” (Ayat 29b)

Nalika Ignatius Jonan, kadhapuk ngrigenaken PT. KAI (Kereta Api Indonesia), piyambakipun saged dipun wastani mboten mangertos babar pisan tumrap babagan mesin lan sanes-sanesipun ingkang magepokan kaliyan kereta api. Sadar punapa ingkang dados kawinatesanipun, Ignatius Jonan lajeng ngempalaken sadaya pegawe kereta api. Wiwit saking pegawe ngandhap ngantos dumugi pegawe ingkang pangkatipun inggil. Kapilah-pilah miturut kawasisan lan kaprigelanipun, lajeng dipun bombong, dipun paringi semangat supados nresnani pandamelanipun kanthi saestu lan tulusing manah. Ing babagan teknis, dipun wontenaken owah-owahan ingkang drastis. Samangke asilipun saged kita raosaken sesarengan, Kereta Api sapunika sampun langkung sae lan langkung tumata, katimbang ing taun-taun saderengipun.

Nabi Musa ugi kagungan kawinatesan anggenipun ngayahi tanggel jawab mimpin bangsa Israel. Pramila piyambakipun nyuwun pambiyantu dhumateng Gusti Allah (Wil. 11:10-15). Gusti Allah lajeng dhawuh dhateng Nabi Musa supados ngempalaken pinituwanipun bangsa Israel ingkang cacahipun pitung dasa, ing antawipun wonten Eldad lan Medad. Sasampunipun tiyang pitung dasa kalawau ngadeg ing saubengipun tarub, para pinituwa kalawau kadunungan Roh saking saperangan Rohipun Nabi Musa, tumuli sami medhar wangsit kados dene nabi. Kacarita Eldad lan Medad ugi kapanjingan ing Roh, kadosdene pinituwa kalawau. Nemahi kedadosan ingkang mekaten, Yusak tumuli matur dhateng nabi Musa, supados nabi Musa paring pambengan dhateng Eldad lan Medad. Ananging nabi Musa ngandika, “Sokur menawa umate Sang Yehuwah kabeh padha dadi nabi, marga padha kaparingan Rohe Pangeran Yehuwah.” (Ay. 29b).

Kangge nindakaken peladosan ing pasamuwan, kita mboten saged ngayahi peladosan punika piyambakan. Kita mbetahaken mitra utawi tim kangge makarya sesarengan. Saben tiyang pitados kedah sumadya ndherek sangkul sinangkul ing peladosan. Roh Suci tamtu manjing dhateng sok sintena tiyang ingkang manahipun sumadya kadunungan ing Sang Roh Suci. Eldad lan Medad mboten saged nolak lan selak nalika Roh Suci manjing ing dhirinipun. Mekaten ugi dhateng kita, nalika Gusti Allah karsa ngagem kita dados abdinipun, kita kedah sumadya makarya lan lelados ing pasamuwanipun Gusti. Amin. [har].

“Roh Suci dumunung ing saben wong kang sumadya.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak