Rekomendasi Saking Gusti Renungan Harian 9 November 2019

9 November 2019

Waosan  : Pangentasan 3 : 13 – 20 |  Pamuji : KPJ. 448
Nats:
“Nanging menawi kawula manggihi tiyang Israèl, sarta kawula cariyosi : Gusti Allahe para leluhurmu kang ngutus aku nemoni kowé, mangka lajeng sami pitakèn, ‘Asmanipun sinten?’, kados pundi wangsulan kawula?” (Ay. 13)

Nalika tiyang nglamar nyambut damel utawi nglajengaken sinau dhateng perguruan tinggi, limrahipun betahaken serat rekomendasi sae saking sekolah, papan nyambut damel sakderengipun utawi lembaga ingkang ngutus. Rekomendasi punika sifatipun paring pangertosan bilih pancen leres tiyang punika pantes lan layak nyambut damel utawi sekolah. Rekomendasi punika ugi saged dadosaken tiyang ingkang dipun rekomendasi tuwuh raos mantep nindakaken ayahanipun.

Nalika Musa nampi timbalanipun Gusti kangge mimpin bangsa Israel uwal saking bangsa Mesir, Musa rumaos boten mantep wonten ing manahpun. Wonten raos ajrih bilih mangke piyambakipun dipun tampik dening bangsa Israel. Pramila Gusti Allah ngandikan dateng Musa kapurih matur bilih ingkang ngutus inggih punika, “Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu, Gusti Allahe rama Abraham, Gusti Allahe Rama Iskak, Gusti Allahe Rama Yakub.” (Ay. 15). Musa betahaken rekomendasi saking Gusti Allah supados Musa saged mantep nampi tanggeljawab punika. Rekomendasi saking Gusti Allah sanes awujud serat nanging awujud tumindak ingkang ngedap-ngedapi (ay. 20). Cariyos salajengipun kita sami pirsa bilih Gusti Allah paring 10 tulah dateng bangsa Mesir.

Kita sadaya minangka umat kagunganipun Gusti, ugi nampi timbalan ingkang sami inggih punika dados rencang damelipun Gusti Allah kangge mbabaraken tanda-tanda Kratoning Swarga, mujudaken kawontenan ingkang kebak katentreman lan karaharjan. Mangga sedaya punika saged kita tindhakaken ing salebeting gesang kita, sampun ngantos kita ajrih, mangu-mangu, lan boten mantep nampi timbalan punika. Sampun ngantos kita selak dateng timbalanipun Gusti awit rumaos taksih dereng pantes, tasih kathah kekirangan lan winates. Nanging sakmangke kita kaajak wantun nampi timbalan punika, awit kita pitados bilih Gusti Allah piyambak ingkang tansah nganthi, paring kasagedan lan kasampurnan kangge sadaya kabecikan lan kasaenan ingkang kita tindakaken. Pakaryanipun Gusti ingkang ngedap-ngedapi punika ugi badhe nyata wonten gesang kita. (M@uL)

“Kudu mantep, aja wedi awit Gusti nganthi”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak