Bacaan : Yokanan 14 : 8 – 17, 25 – 26 | Pamuji : KPJ 287
Nats : “… nanging Sang Juru Panglipur, iya iku Sang Roh Suci, kang bakal diutus dening Sang Rama atas saka jenengKu, iku kang bakal mulangake samubarang kabeh marang kowe sarta bakal ngelingake kowe sabarang kang wus Dakwulangake marang kowe.” [ayat 26]
Nalika kula taksih SD, kula gadhah guru ingkang kereng. Ing sawijining dinten, Bu Guru menika mucal bab rumus matematika. Sedaya murid sak kelas sami mboten mangertos bab menapa ingkang dipunwucalaken bu guru menika. Lajeng, Bu Guru dukani kula lan kanca-kanca sedaya, “Piye to iki… wingi lak wis tak kandhani to rek?” Sakpengkeripun bu guru, kula lan kanca-kanca sami reraosan, “Kapan to yen ngandhani rumuse kuwi? Wong ora tau!”. Kanca-kanca sejatosipun nggrundel amargi saestu ngraosaken dereng nate dipunwucal rumus matematika menika. Kula piyambak mboten mangertos, menapa bu guru kula ingkang leres, menapa kancakanca ingkang leres bab menika wau. Paling mboten pengalaman menika nuwuhaken pemanggih bilih manungsa menika winates. Winates bab anggenipun ngenget-enget, winates bab panampinipun lan winates bab samubarangipun.
Para sakabat anggenipun ndherek Gusti Yesus tamtu mireng lan ngatosaken punapa ingkang dados piwucal lan pangandikanipun Gusti Yesus. Supados para sekabat boten kesupen bab piwucal lan pangandikanipun Gusti, Gusti Yesus paring prajanji badhe maringi Roh Suci. Roh Suci punika ingkang badhe ngengetaken para sakabat bab piwucal dan pangandikanipun Gusti Yesus. Roh Suci ugi ingkang paring kakiyatan, kasagedan para sakabat kangge martosaken punapa ingkang dados piwucal lan pangandikanipun Gusti.
Kita menika nggih kados para sekabat. Senadyan kawontenan kita menika winates, Gusti Yesus kersa nulungi kita. Karana punika kita mbetahaken panuntun, inggih menika Sang Roh Suci ingkang sampun kaprasetyaaken kangge kita. Dinten menika Gusti Yesus ngersaaken kita dados paseksinipun martosaken sih rahmat lan kawilujengan dateng sesami kita. Sang Roh Suci tansah nuntun lan nunggil gesang kita makarya kagem Gusti. [vin]
“Roh Suci mitulungi kekirangan kita”