Ngorong Marang Pangandikane Gusti Pancaran Air Hidup 9 November 2026

9 November 2026

Waosan: Amos 8 : 7 – 14  |  Pamuji: KPJ. 202
Nats: “Pangandikane Pangeran Yehuwah: ‘Lah bakal tumeka ing titi-mangsane,’ — mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah — Ingsun bakal ndhatengake pailan ana ing nagara kene, dudu pailan pangan utawa kasatan banyu, nanging ngorong marang pangandikane Pangeran Yehuwah.” (Ayat 11)

Mirengaken pangandikanipun Gusti Allah punika sampun dados kuwajibanipun para umat kagungan-Ipun. Pramila, kita tansah ngupadi nyawisaken wekdal kangge maos lan nyuraos pangandikanipun Gusti. Pangandikanipun Gusti punika saged ndadosaken kita mangertos punapa ingkang kedah kita lampahi ing pigesangan punika. Kejawi punika saged melehaken kita nalika nindakaken kalepatan, sarta paring pitedah nalika ngadhepi mawerni-werni pakewet. Pramila, para umat kagunganipun Gusti tansah mbetahaken Pangandikanipun Gusti wonten ing pigesanganipun saben dinten. Nanging, kados pundi menawi para umat kagunganipun Gusti sami mboten peduli dhumateng pangandikanipun Gusti?

Nalika bangsa Israel kepincut dhateng sesembahanipun bangsa-bangsa sanes, inggih punika Asima, dewi ing Samaria, dewanipun tiyang Dhan, lan dewanipun tiyang Bersyeba (Ay. 14), bangsa Israel kepingin pitedah-pitedah saking dewa-dewi punika, nilar Gusti Allahipun, lan nyembah dhateng dewa-dewi punika. Bangsa Israel rumaos Gusti Allah mboten peduli malih dhateng umat kagungan-Ipun. Nanging, punapa ingkang katindakaken dening bangsa Israel punika mboten migunani. Malah, tumindakipun punika ndadosaken bangsa Israel kecalan berkah-berkahipun Gusti Allah. Pramila, Gusti Allah ngandika: “… Ingsun bakal ndhatengake pailan ana ing nagara kene, dudu pailan pangan utawa kasatan banyu, nanging ngorong marang pangandikane Pangeran Yehuwah.” (Ay. 11).

Ngantos dinten punika pangandikanipun Gusti Allah taksih kawartosaken dhateng para umat kagungan-Ipun. Malah ing wekdal punapa, pangandikanipun Gusti Allah saged kapirengaken dening para umat kagungan-Ipun. Nadyan mekaten saged kemawon tiyang rumaos mboten mbetahaken pangandikanipun Gusti. Mboten rumaos luwe lan ngorong dhumateng pangandikanipun Gusti utawi namung pados tedan lan omben miturut pikajengipun piyambak, lan mboten peduli, migunani punapa mboten tumrap gesangipun. Kamangka minangka umat kagunganipun Gusti Allah, kita tansah merlokaken Pangandikan-Ipun. Pramila, sumangga kita tansah ngorong dhumateng Pangandikanipun Gusti. Awit pangandikanipun Gusti punika sumber kakiyatan lan katentreman gesang kita. Amin. [HSW].

“Gusti, kula tansah ngorong Pangandika Paduka.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak