Nekseni Pakaryaning Allah Renungan Harian 9 Juni 2018

9 June 2018

Waosan: Purwaning Dumadi 2:4b-14 | Pamuji:KPK 211:2
Nats.
Nalika samana Sang Yehuwah Allah tumuli akarya manungsa, kang kinarya lebuning bumi, iku ing bolonganing irunge disebuli ambeganing urip; mangkono manungsa dadi titah kang urip.” (ayat 7)

Wonten warni-warni cariyos bab dumadining bumi lan jagad menika. Ing Kitab Purwaning Dumadi ugi wonten kalih cariyos bab dumadining langit lan bumi. Ingkang kapisan kaserat ing bab 1:1-2:4a. Dene waosan kita dinten menika (Purw. Dumadi 2:4b-14) isi cariyos sanes bab anggenipun Gusti Allah nitahaken jagad. Kalih cariyos menika benten. Ing cariyos kapisan kasebataken bilih sedaya tetuwuhan sampun katitahaken saderengipun manungsa kayasa dening Allah. Dene ing cariyos ingkang kaping kalih kasebataken bilih tetuwuhan katitahaken sasampunipun manungsa tumitah. Bentening cariyos menika boten prelu damel kita bingung, pundi ingkang leres. Karana ingkang dados tujuaning cariyos menika kaserat sanes nedahaken lelampahan ingkang sayektosipun, nanging kekalihipun badhe nedahaken pangawasanipun Allah ingkang nitahaken jagad menika. Ingkang kapisan langkung nedahaken kamirahanipun Allah ingkang nyawisi samukawis kabetahaning manungsa. Dene ingkang kaping kalih nedahaken supados manungsa nekseni pakaryanipun Gusti Allah.

Ingkang menika, cetha bilih kita katitahaken dados gesang menika supados kita nekseni lan mawartosaken pakaryanipun Allah ingkang agung. Kathah sanget pakaryanipun Gusti Allah ingkang agung utawi ingkang prasaja ingkang sampun kita pirengaken lan kita sekseni utawi malah kita alami sacara langsung. Menawi dereng cetha, sumangga kita gatosaken satunggal baka satunggal sadaya ingkang kelampahan, ingkang kaserat lan ingkang kacariyosaken dhateng kita. Pakaryanipun Gusti Allah lumantar lan wonten ing Gusti Yesus Kristus, wontening Sang Roh Suci lan ing sadaya titahipun katedahaken dhateng kita supados kita sekseni lan kita wartosaken dhateng sadaya tiyang. Menapa lan pundi pakaryanipun Allah ingkang sampun kita alami? Mangga kita taliti lan kita raos-raosaken! Mangga kita cariyosaken dhateng tiyang sanes! [st]

“Samubarang kang becik iku pakaryaning Gusti Allah.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak