Mangun Generasi Kang Saleh Pancaran Air Hidup 9 Juli 2025

9 July 2025

Waosan: Yusak 23: 1 – 16  |  Pamuji: KPJ.­­­­­­­­­­­­­­­­­­­­ 386
Nats: “Kang iku kowe padha dipanggah anggonmu netepi lan nglakoni sakabehe kang katulisan ana ing kitab angger-anggere Nabi Musa, supaya aja nganti nyimpang mangiwa utawa manengen.” (Ayat 6) 

Wonten petani sepuh ingkang nanem wit jati ing kebonipun. Ing sawijining dinten, tangginipun taken, ”Kenging punapa panjenengan nanem wit jati? Wit punika tuwuh ageng lan kiyat nalika sampun puluhan taun, mbok menawi panjenengan mboten badhe ngraosaken asilipun.” Petani punika mesem lan mangsuli, “Kula nanem wit punika sanes kangge kula, nanging kangge anak lan wayah kula. Kersane anak lan wayah kula mangke ingkang ngginakaken kajengipun.”

Ing ayat 6 waosan kita, Senapati Yusak paring dhawuh ingkang wigati dhateng bangsa Israel: “Kang iku kowe padha dipanggah anggonmu netepi lan nglakoni sakabehe kang katulisan ana ing kitab angger-anggere Nabi Musa, supaya aja nganti nyimpang mangiwa utawa manengen.” Dhawuh punika tamtu mboten namung kangge bangsa Israel ingkang mirengaken langsung saking senapati Yusak kemawon, nanging ugi kangge tedhak turun salajengipun. Senapati Yusak estu nggalih bab masa depan saking bangsanipun. Sampun ngantos bangsa Israel mangke gesangipun tebih saking Gusti, punapa malih nilar Gusti.

Sami kalih petani ing inggil kalawau, tugas kita inggih punika nandur bibiting kayekten dhateng anak-anak kita wiwit mula. Kita perlu nggulawenthah anak-anak kita supados imanipun tuwuh, saged tepang kaliyan Gusti, lan ajrih asih dhumateng Gusti. Kita kedah mucal bab dhawuhipun Gusti, ndonga sesarengan saha paring tuladha ingkang sae. Anak-anak punika minangka tanah ingkang subur. Bilih kita nandur bibit iman ingkang leres, anak-anak punika saged tuwuh dados generasi ingkang saleh, kiyat ing kapitadosan, lan bakuh ngadhepi tantangan gesang. Minangka tiyang sepuh, guru, ugi pamong, kita dipun paringi tanggel jawab kangge nanem bibit kayekten punika. Punika saged kita wiwiti saking tumindak sederhana, kados ta mucal ndonga, nyariosaken kisah Kitab Suci, sarta nedahaken katresnan lumantar tumindak saben dinten. Swawi kita sami ngupadi mangun generasi ingkang cerdas, mboten namung bab kadonyan, nanging ugi bab ajrih asih lan gesang manut kaliyan Gusti. Awit namung generasi ingkang ajrih asih dhumateng Gusti ingkang saged mbekta katentreman lan kabingahan ingkang sejati. Amin. [nn].

“Generasi ingkang saleh punika warisan langgeng ingkang dipun wiwiti saking  iman ingkang katandur samangke.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak