Waosan: Ester 2 : 1 – 18 | Pamuji: KPJ. 241
Nats: “Anadene Ester iku dikasihi dening Sang Prabu, kinacek karo sakehing para wanita liyane, …” (Ayat 17)
Punapa panjenengan nate ngagem makutha saking ronipun wit nangka? Utawi makutha saking kertas? Punika kelampahan, biasanipun rikala wonten adicara ingkang mirunggan, contonipun rikala ulang tahun. Wonten satunggaling lare estri ingkang rumaos kados putri kraton sanadyan namung ngangge makutha dolanan. Kenging punapa? Amargi ramanipun ngagemaken makutha wau kanthi raos tresna. Sanes amargi reginipun makutha, nanging amargi sang rama maringi kanthi raos tresna, punika ingkang ndadosaken lare estri punika ngraosaken kabingahan kados putri kraton.
Ing kitab Ester 2:17, kita maos bilih Ester dipun tresnani dening Sang Prabu. Ester namung lare yatim piatu saking bangsa buwangan, nanging awit saking pangwasanipun Gusti Allah, satemah piyambakipun wonten ing tengahing kraton Persia. Ester mboten milih piyambak dados ratu, nanging Sang Prabu Ahasyweros piyambak ingkang mujudaken katresnanipun.
Dinten punika, kita mahargya pekan Kristus Raja, ing pundi kita sami dipun engetaken bilih kita punika kados Ester. Kita dipun tresnani dening Sang Kristus, sanes amargi kasampurnan kita, nanging amargi agunging sih rahmat-Ipun Gusti Yesus dhateng kita. Sang Kristus karsa nilaraken kamulyan swarga supados saged ngrangkul kita manungsa ingkang dosa. Mila sampun ngantos kita rumaos alit utawi mboten nggadhahi aji. Kita kedah enget, bilih kula lan panjenengan punika dipun tresnani dening Sang Raja ing sainggilipun sadaya raja. Mangga sami kita agem “makutha” katresnan punika kagem ngluhuraken asmanipun Gusti Allah lumantar tumindak gesang kita ingkang mujudaken katresnan. Awit kagungan status “dipun tresnani” punika mboten ateges kita namung mendhel kemawon. Nanging wonten tugas lan tanggel jawab ingkang kedah kita lampahi. Ratu Ester dipun piji supados saged nulungi bangsanipun, mekaten ugi tumrap kita. Kita dipun tresnani dening Gusti Yesus Kristus Sang Raja supados kita saged dados margining berkah kangge sesami kita. Mangga kita lampahi gesang kita punika srana nindakaken katresnan dan kasaenan dhumateng Gusti ugi dhateng sesami kita. Amin. [SWT].
“Ratu Mulya sung tentrem-raharja, mbirat dosa nyirnakaken angkara.”