Waosan: Yakobus 5 : 7 – 12 | Pamuji: KPJ. 202
Nats: “Menawa iya, kandhaa iya, yen ora, kandhaa ora, supaya kowe ora kena ing paukuman.” (Ayat 12b)
Ing jaman samangke prastawa tumindak jujur punika babakan ingkang adi lan istimewa sanget. Kangge sintena kemawon, kita gesang punika kedah tumindak jujur, awit srana jujur punika, kita badhe manggihaken tentrem rahayu. Ananging kasuyatanipun, jujur punika sampun dados barang langka. Awit wonten pemanggih, “Yen jujur mesti ajur.” Pemanggih ingkang kados punika, asring sampun ngaruhi pemanggih kita. Mboten sekedik tiyang pitados ugi tumut nindakaken pemanggih punika. Kados-kados sampun mboten kagungan raos ajrih malih dhumateng Gusti Allah.
Lumantar waosan kita, Yakobus 5 cetha sanget bilih saben tiyang pitados ingkang mboten tumindak jujur, piyambakipun badhe manggihaken paukuman. Serat Yakobus 5 punika katujukaken dhateng para tiyang pitados, sacara umum nggambaraken piwulang bab moral lan etika Kristen ingkang trep kangge sedaya tiyang pitados. Saben tiyang Kristen punika kedah kagungan pemanggih: iman kapitadosanipun punika kedah saged katindakaken sacara nyata wonten ing pigesanganipun saben dinten. Kados dene ingkang dipun tindakaken dening Rama Ayub, kanthi tekun piyambakipun nindakaken dawuh pangandikaning Gusti. Mekaten Gusti Allah tansah nunggil gesang kita manggihaken karaharjan awit saking sih-rahmat-Ipun.
Ing jaman ingkang sarwo moderen kados punika, kita puruna nindakaken karsanipun Gusti kanthi estu. Lumantar dawuh pangandikanipun Gusti dinten punika, saged ta nuwuhaken pangajeng-ajeng anggen kita merjuang wujudaken gesang jujur. Gusti Allah tansah rawuh lan mirsani punapa ingkang kita tindakaken. Sinaosa prastawa ing alam donya punika benten pemanggih kaliyan iman kita, bilih tiyang ingkang jujur punika bakal apes utawi ajur, ananging kangge kita tiyang pitados, tumindak jujur punika dadosaken katentreman lan kabingahan gesang kita, mirungganipun kangge anak-putu kita ing generasi salajengipun. Sumangga kita saged dados tuladha tumindak jujur ingkang sae. Satemah anak-putu kita mboten kecalan prastawa ingkang endah lan adi punika. Amin. [Bojes].
“Jujur punika dados pratandhaning tiyang punika dipun kanthi dening Gusti.”