Waosan: Amos 3 : 1 – 12 | Pamuji: KPJ. 330 : 1, 2
Nats: “Sanyata, Pangéran Yehuwah ora nindakaké apa-apa tanpa putusan kang kalairake marang para nabi abdine.” (Ayat 7).
Kathah brayat, kalebet brayat Kristen ingkang ngalami pakewed (masalah) temah sami cecongkrahan, padu, malah ngantos pegatan. Pirukun lan kabingahan berkahipun Gusti oncat saking lebeting brayat. Salah setunggaling jalaranipun inggih punika, ing antawisipun gegelitaning brayat punika boten blaka lan boten jujur. Kathah prekawis pribadi ingkang dipun singidaken, boten dipun aturaken dhateng semah utawi tiyang sepuh. Kados ta wonten “dhuwit lanang” utawi “dhuwit wadon”, arta ingkang boten dipun sumurupi dening semah; wonten sesambetan lan prekawis kaliyan tiyang sanes ingkang boten dipun sumurupi dening semah utawi tiyang sepuh; mekaten ugi punapa ingkang badhe lan sampun dipun tindakaken.
Gusti Allah punika Rama ingkang tansah blaka dhateng umatipun. Punapaa kemawon ingkang badhe dipun tindakaken tansah dipun lairaken dhateng para nabinipun lan para nabinipun lajeng mawartosaken dhateng sedaya umatIpun. Mekaten ugi menawi Panjenenganipun duka dhateng umatIpun awit saking paneraking umatIpun, Gusti Allah ugi ngandika kadosdene singa ingkang gero-gero. Menawi wonten umatIpun ingkang nglirwakaken janji kasetyanipun dhumateng Allah, Panjenenganipun ugi melehaken. Kanthi blaka mekaten Gusti Allah ngersakaken wontenipun pirukun lan katentreman ing gesanging umatIpun.
Kajujuran utawi patrap blaka punika dados kunci lan punjering pirukun lan katentreman sarta kabingahan ing tengahing brayat. Sedaya gegelitaning brayat kedah blaka dhateng brayat ing sedaya prekawis. Menawi wonten satunggal kemawon saking gegelitaning brayat ingkang boten blaka, mesthi badhe nuwuhaken pakewed reribet. Punapaa kemawon ingkang badhe lan sampun katindakaken kedah dipun cariyosaken dhateng brayat. Mekaten ugi punapaa kemawon ingkang dipun tampeni lan dipun alami. Satemah, menawi wonten pakewed reribet ingkang dipun alami saged dipun udhari sesarengan. Kanthi mekaten, brayat kita lestari linuberan berkah lan saged dados berkah tumrap tiyang sanes. (st).
“Berkahing Allah lestari mapan ing brayat kang blaka.”