Yen Manut Mesti Slamet Renungan Harian 9 Juli 2020

9 July 2020

Waosan  :  Rum 2 : 12 – 16    |    Pamuji  :  KPJ. 136
Nats:
Amarga wong kang bener ana ing ngarsane Gusti Allah iku dudu kang ngrungokake angger-anggering Toret, nanging kang netepi angger-anggering Toret.” (Ay. 13)

Nalika kula taksih kuliah wonten ing Jogjakarta, menawi wangsul dhateng Malang kula asring nitih travel. Nggen kula wonten ing perjalanan wiwit saking Jogja tumuju dhateng Malang utawi kosok wangsulipun, perjalanan punika tamtu ing wanci dalu. Mataun-taun nggen kula dados pelanggan travel. Kula saged mangertosi sinten sopir sae lan patuh dhateng peraturan lalu lintas lan sinten ingkang boten sae lan patuh. Nate ing salah satunggaling dinten nalika kula saking Malang tumuju Jogja, kula kepanggih kaliyan sopir ingkang ugal-ugalan. Sopir punika asring melanggar peraturan lalu lintas. Nalika taksih wonten ing kitha Blitar, travel punika srempetan kaliyan sepeda motor. Krana prastowo punika perjalanan boten saged dipun lajengaken.

Ing waosan kita nedhahaken bilih bangsa Yahudi punika kagungan angger-angger Toret ingkang dipun ugemi kagem mranata gesang. Angger-angger Toret punika kedah dipun tindakaken kanthi saestu awit ingkang dipun wastani leres punika inggih sedaya tiyang ingkang nindakaken angger-angger Toret, boten namung tiyang ingkang kagungan angger-angger Toret. Menawi sampun nindakaken angger-angger Toret kanthi saestu, tiyang punika tamtu badhe nampi kawilujengan.

Kados dene tuladha ing ngajeng punika kalawau, kita sami dipun engetaken malih kados pundi anggenipun kita nglampahi gesang ing jagad punika? Manut aturan punapa boten?. Peraturan-peraturan punika dipun damel tamtu nggadahi tujuan. Peraturan lalu lintas kangge mranata sedaya tiyang ingkang wonten ing margi ageng. Undang-undang dipun rancang kangge mranata gesang sesarengan ing negari Indonesia. Mekaten minangka tiyang pitados ugi nggadahi peraturan dalah pitedah-pitedah ingkang wonten ing Kitab Suci. Sedaya piwucal dalah pangandikanipun Gusti punika sampun kaserat ing Kitab Suci. Pramila sumangga kita sami boten namung saged maos Kitab Suci ananging kedah saged nindakaken sedaya piwucalipun Gusti ingkang sampun kaserat ing Kita Suci, kanthi mekaten, kita badhe nampi kawilujengan peparingipun Gusti. (Bie)

“Pilih manut opo pilih cilaka?”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak