Waosan: Yehezkiel 2:8-3:11 | Pamuji: KPK 78:1,2
Nats: “Dene sira, anaking manungsa, apa sapangandikaningSun marang sira iku rungokna, lan sira aja mbalela kaya jinis kang ambek mbalela iku. Sira mangapa, panganen apa kang Sunparingake marang sira”. ( Ayat 8)
Saben tiyang pitados tamtu nggadhahi keyakinan bilih piyambakipun dipun timbali Gusti supados saged makarya kagem kamulyaning Gusti. Karana Gusti piyambak ingkang sampun nimbali kita sadaya, sakpunika gantosan kita ingkang atur wangsulan. Kita enget bilih timbalanipun Gusti dhumateng kita punika aji sanget, ananging langkung aji malih bilih timbalan punika wonten wangsulanipun utawi respons saking panjenengan lan kula. Menapa wangsulan panjenengan lan kula? Sumangga pitakenan menika dipun raos-raosaken lan dipunwangsuli.
Yehezkiel dipun timbali Gusti kautus supados ngandika dhumateng bangsa Israel ingkang saweg brontak dhateng Gusti Allah (ayat 7). Ananging menawi kita pirsani malih ayat 7 punika cetha awratipun timbalan kagem Yehezkiel menika. Gusti Allah mawon boten dipun pirengaken dening bangsa Israel napa malih Yehezkiel ingkang namung utusan. Nanging inggih mekaten punika naminipun peladosan. Sampun kathah conto ingkang nedahaken kados pundi dhawuh pangandikanipun Gusti ingkang kababar, nanging boten dipungatosaken. Malah kathah tiyang ingkang boten remen dipunengetaken nalika nindakaken prekawis klentu ingkang boten nyondhongi karsanipun Gusti. Tiyang menika ngupadi supados boten katingal salah sanadyan cetha wela-wela kalepatanipun.
Menika tantangan ingkang kedah dipun adhepi Yehezkiel lan kita. Tantangan kagem masrahaken diri kagem kamulyanipun Gusti ing jagad punika. Sanadyanta makaten, Gusti piyambak ingkang ngiyataken lan nyarengi Yehezkiel supados sampun ngantos rumaos ajrih. Mekaten ugi dhumateng kita nalika kita nindakaken timbalanipun Gusti ing peladosan kita. Nalika wonten pambengan anggen kita ngladosi lan martaaken dhawuh pangandikanipun Gusti, sumangga kita rampungaken ing ngarsaning salibipun Gusti. Kita pitados bilih menapa ingkang sampun kita tindakaken punika, Gusti tansah paring berkah. Amin. ( Dino )
“Timbalanipun Gusti punika penting ananging langkung penting wangsulan kita ”