Ngalami Gusti Ing Sajroning Gesang Pancaran Air Hidup 9 Januari 2024

9 January 2024

Waosan: Lelakone Para Rasul 22 : 2 – 16 | Pamuji: KPJ. 294
Nats: “Piyambakipun lajeng wicanten: Allahe leluhur kita wus netepake kowe supaya nyumurupi karsane, nyumurupi Kang Bener sarta krungu swara kang miyos saka lesane.(Ayat 14)

Pengalaman gesang punika njalari kita sinau, mboten aneh menawi wonten unen-unen “pengalaman adalah guru yang terbaik.” Kita saged sinau kathah saking pengalaman dhiri pribadi ugi saking tiyang sanes. Kanthi sinau saking pengalaman tiyang sanes saged ndadosaken pangertosan kita punika sansaya ngrembaka. Estunipun saking prasarana teknologi/internet kathah sanget pengalaman tiyang sanes ingkang sami dipun bagi lan saged dipun sinaoni sesarengan. Lah ugi mekaten pengalaman kita sesarengan kaliyan Gusti wonten ing gesang punika njalari gesang kita langkung tepang malih kaliyan Gusti saha pakaryan-Ipun. Punika estu maringi semangat tumraping gesang lan kaimanan kita.

Rasul Paulus ingkang rumiyin kasebat Saulus pitados bilih Gusti Yesus estu nresnani piyambakipun lan kersa ngagem piyambakipun minangka pirantinipun Gusti ing gesangipun. Wonten paseksinipun, rasul Paulus kanthi teges lan mboten isin nelakaken bilih lampah gesangipun punika awon, nyisahaken, lan malah nganiaya tiyang pitados (Ay. 4-5). Nanging sedaya punika owah gingsir nalika piyambakipun pinanggih Gusti Yesus piyambak wonten ing margi dhateng kutha Damsyik. Pengalaman sacara lair lan batin nalika pinanggih Gusti Yesus punika mbikak manahipun Paulus temahan mratobat lan sumadya dipun utus minangka pirantinipun Gusti ing gesangipun.

Kita sedaya ingkang tinarbuka manahipun nalika ngalami Gusti ing gesangipun, estu kaatag dados tiyang ingkang nekseni katresnan lan kamirahanipun Gusti. Sumrambahipun ing gesang punika namung kagem Gusti Yesus Kristus kados ingkang dipun lampahi rasul Paulus. Pamratobatipun dhateng Gusti Yesus  anjalari rasul Paulus kaparingan wewengan dados piranti paseksinipun Gusti Yesus ing gesangipun. Lah ugi mekaten kita ingkang sami ngalami Gusti wonten ing gesang punika, kita kasagedaken celak dhateng Panjenenenganipun, ngraosaken katresnanipun lan dipun tebus Gusti, satemah kita ugi mbeta kabingahan punika ing paseksi gesang padintenan kita. Ing wekdal ingkang sami, kita sedaya sami kaparingan iman ingkang nyelakaken kita dhumateng Gusti Yesus binerkahan selaminya. Amin. [LUV].

“Ing satitah kula nrimah, angger kinanthi Gusti.” (Kidung Pasamuan 128)

Renungan Harian

Renungan Harian Anak