Kaenggalana Pancaran Air Hidup 9 Januari 2022

9 January 2022

Waosan: Lukas 3 : 15 17; 21 22| Pamuji: KPJ. 87 : 1 3
Nats:
Banjur katedhakan ing Roh Suci apindha manuk dara. Nuli ana swara kang kaprungu saka ing langit mangkene: “Sira iku PutraningSun kang Sunkasihi, kang dadi keparenging panggalihingSun. (Ayat 22)

Ing chanel DAAI TV wonten tayangan dokumenter ingkang judulipun “Bumiku Satu”. Saking tayangan punika kita nyumerepi bilih kathah tiyang ingkang nglampahi pigesangan kalayan gaya hidup ingkang ramah lingkungan. Wonten tiyang ingkang mboten purun malih migunakaken bahan-bahan kimia, wonten ingkang mboten purun malih migunakaken plastik, wonten ugi ingkang ngolah sampah kangge ngirangi pencemaran. Sedaya punika dipun lampahi kanthi pengajeng-ajeng supados bumi sageda pulih malih lan dados papan ingkang sae kagem pigesanganipun para putra lan wayah.

Waosan kita dinten punika nyariyos bab pamulihan. Nggih punika hubunganipun Gusti Allah kaliyan manungsa ingkang risak amargi dosa. Hubungan ingkang waunipun tebih, sapunika kaenggalaken lumantar rawuhipun Sang Juru Wilujeng, nggih punika Gusti Yesus Kristus. Kacariosaken Gusti Yesus kabaptis dening Yokanan Pambaptis, nanging tiyang-tiyang ing wekdal punika mboten nyumerepi sinten Gusti Yesus punika. Sak sampunipun Gusti Yesus kababtis, Sang Roh Suci arupi peksi dara tumedhak dhumateng Gusti Yesus. Lajeng wonten suanten “Sira iku PutraningSun kang Sunkasihi, kang dadi keparenging panggalihingSun. Saking prekawis punika hubungan kita kaliyan Gusti Allah kaenggalna. Kita saged nyelak malih dhumateng Gusti Allah, dados para putra lan putrining Allah ingkang nampi kawilujengan.

Para putra lan putrining Allah, ing sasi punika kita sami mlebet ing wulan Penciptaan. Kita sami kaajak kagem ngenggalaken hubungan kita kaliyan alam. Alam punika ugi titahipun Gusti Allah. Kadosdene ingkang kita mangertosi, kathah karisakan ingkang kadadosan ing alam punika, satemah paring dampak ingkang awon kagem pigesanganipun manungsa lan titah sanesipun. Pramila, kita para putra lan putrinipun Allah nggadahi tanggel jawab tansah njagi lan ngolah alam sarta bumi punika kalayan kawicaksanan. Kasedyan kita kagem ngenggalaken hubungan punika saged dados wujuding raos sokur kita sami, amargi kawilujengan ingkang asalipun saking Gusti sampun kita tampi. Gusti tansah mberkahi upaya kita kangge njagi lan ngolah alam punika. Amin. [xie].

 “Gliyak-gliyak tumindak, sareh olehe

Renungan Harian

Renungan Harian Anak