Sakjane Gusti Iku Sapa? Renungan Harian 9 Januari 2020

9 January 2020

Waosan : Lelakone Para Rasul 9 : 1 – 9  |  Pamuji : KPJ.  56
Nats:
Atur wangsulane Saulus: “Paduka punika sinten, Gusti?” Pangandikane Gusti: “Ingsun iki Yesus, kang sira kaniaya iku” (Ay. 5)

“Dungaren tindak greja pak, oleh wangsit apa?” asring dados ukara ingkang biasa nalika wonten tiyang ingkang sakderengipun dangu mboten tindak greja. Tanpa sadar ukara ingkang dipunraosaken sepele punika ndadosaken tiyang ingkang kersa tindak greja lajeng semplah awit ngraosaken mboten dipuntampi dening sedherekipun. Lumantar tembung ‘dungaren’ piyambakipun ngraosaken dados tiyang ingkang reged, ingkang mboten pantes lumebet ing padaleman suci awit kahananipun. Minangka tiyang ingkang sarwa winates piyambakipun estu ngajeng-ajeng sageda dipuntampi kanthi sukabingah, nampi ukara ingkang nengsemaken, ananging ingkang dipuntampi kosokwangsulipun.

Benten kaliyan punapa ingkang dipunalami dening Saulus! Tiyang ingkang saestu mboten wanuh kaliyan Gusti, tiyang ingkang nguya-nguya para pendherekipun Gusti, langkung-langkung tiyang ingkang tega mejahi sok sintena kang dados pendherekipun Gusti. Menawi dipunpirsani tamtu kahanan Saulus punika langkung reged, langkung dosa tinimbang kahanan tiyang ingkang sampun kersa tindak greja kalawau. Lan menawi dipunpirsani, punapa Gusti nampik Saulus? Mboten! Kanthi kahanan ingkang kados makaten, Saulus dipuntimbali kanthi katresnan, sanadyan Saulus sampun nyuya-nyuya Gusti Yesus lan pendherekipun. Bab punika dipunalami Saulus supados piyambakipun saged sadar lan estu saged ngraosaken katresnanipun Gusti Yesus ingkang dados juru-wilujeng para titah ing alam donya.

Gusti ingkang dados etuking gesang taksih kersa nampi lan nimbali manungsa ingkang saestu reged, ringkih, dosa, saha winates kahananipun, kados pundi para manungsa ingkang sampun rumaos wanuh kaliyan Gusti? Asring tuladha punika uwal saking lampah pigesangan para pendhrekipun Gusti, satemah ingkang kalampahan nggih punika, pamaido, panampik, tembung kang mboten becik kang ndadosakaken tiyang mboten tan saya kiyat, tan saya tentrem, lan umarek ing ngarsane Gusti, ananging tiyang punika tan saya semplah lan tebih saking Gusti. Menawi mirsani punapa ingkang sampun dipuntindakaken Gusti Yesus dateng Saulus, lan ugi ngraosaken punapa kang dilampahi manungsa tumrap sapepadhanipun, mangga sami nggalih: “Sakjane seng Gusti iku sapa?” (gus).

 “Welas-asih nampi kahanan sapepadha iku tuladhane Gusti”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak