Waosan: Lukas 5 : 1 – 11 | Pamuji: KPJ. 124 : 1
Nats: “Nalika Simon nyumurupi kang mangkono iku, banjur nyungkemi jengkune Gusti Yesus sarta munjuk: “Gusti, Paduka mugi karsaa nilar kawula, awit kawula punika tiyang dosa.” (Ayat 8)
Sinten ta tiyang ingkang mboten nate gagal? Tamtunipun sadaya tiyang nate ngalami gagal ing gesangipun, paling mboten sepindah. Mboten sekedhik tiyang ingkang ngrespon kagagalanipun punika mawi raos nglokro lajeng dados penggalih ingkang jalari piyambakipun rumaos keduwung lajeng nyerah, pupus sadaya cita-cita lan pangajeng-ajengipun. Punapa gagal punika prekawis ingkang kedah dipun tampik? Sejatosipun prekawis gagal punika mboten mesthi nggadhahi makna negatip, kenging punapa? Awit miturut tiyang wicaksana “kegagalan adalah awal keberhasilan.”
Ing waosan kita, Gusti Yesus ngagem kawontenan gagal punika kangge nyumurupaken panguwaos-Ipun tumrap tiyang kathah. Simon, Yakobus, lan Yokanan, punika para juru-amek-ulam ingkang estu ahli karana sampun nindakaken pandamelanipun mataun-taun. Ananging kaleresan ing waosan punika, Simon ngalami apes, sadintenan anggenipun tebar jala mboten pikantuk ulam babar pisan. Saestu ing dinten punika Simon gagal anggenipun pados ulam. Ing kawontenan punika, Gusti Yesus minggah ing prahunipun Simon, lajeng ngendika dhateng para juru-amek-ulan punika supados nibakaken jalanipun ing panggenan ingkang lebet (Ay. 4). Menawi dipun galih sacara kamanungsan, mesthinipun para juru-amek-ulam punika badhe nampik Gusti Yesus awit sadaya dereng tepang kaliyan Gusti Yesus, sarta sampun rumaos nglokro. Ananging, Simon pitados, manut dhawuhipun Gusti Yesus sarta nindakaken dhawuhipun Gusti Yesus, nibakaken jalanipun ing papan ingkang lebet. Wusananipun wonten mukjizat, jala punika kebak ulam.
Gagal punika pancen saged damel manah kita nglokro sarta nyerah ing kahanan. Ananging, mangga kita sinau saking Simon, ing pundi piyambakipun saged ngewahi raos nglokro ing batosipun kaliyan sikep pitados lan manut karsanipun Gusti. Kanthi mekaten mukjizat estu kelampahan lan jalari kita ngraosaken suka bingah. Sumangga kita sami niti priksa gesang kita, punapa kita taksih rumaos nglokro ing batos karana kegagalan ing gesang punika? Sumangga kita pitados lan manut karsanipun Gusti awit kegagalan punika saged dipun atasi kanthi ngandelaken Gusti. Amin. [mojoo].
“Sampun ajrih yen ngalami gagal, nanging ajriha yen mboten saged mbudi-daya.”