Peduli Renungan Harian 9 Februari 2021

9 February 2021

Waosan : Lelakone Para Rasul 15 : 35 – 41 | Pamuji : KPJ. 370
Nats: “Prayogane saiki padha bali niliki para sadulur ing saben kutha, sing wis padha kita sebari pangandikane Gusti, kepriye kaanane” (Ay. 36)

Wiwit wulan Maret 2020 sawetawis bangsa ing alam donya punika ngadepi pageblug virus Corona. Wontenipun virus kala wau ndadosaken gesang kita sarwa ewed lan winates. Tiyang kedah ngagem masker, asring wisuh tangan, njagi jarak, tansah manggen ing griya lan sawetawis ugi kecalan pedamelan (PHK) lsp. Wontenipun virus Corona ugi nuwuhaken raos peduli dhumateng sesami. Bab punika saged kita tingali saking sawetawis tiyang (sae secara pribadi utawi kelompok), lembaga sosial lan agama ingkang ngempalaken lan nyebaraken bantuan wujud arta, sembako, tetedhan kagem sesami ingkang kenging dampak virus Corona.

Kejawi paring piwulang lan nggelaraken dhawuh pangandikanipun Gusti ing salebeting peladosanipun, Rasul Paulus ugi nggadahi raos peduli dhateng sesami. Ing waosan punika, piyambakipun nggadah krenteg niliki lan nyumurupi kawontenanipun para sadulur ingkang sampun nampi pangadikanipun Gusti (ay. 36). Ananging bab punika justru ndadosaken pasulayan antawis rasul Paulus lan Barnabas ing salebeting peladosan. Barnabas nggadhah pemanggih kepengin ngajak Yokanan Markus nanging Rasul Paulus mboten sarujuk karana miturut piyambakipun mboten prayogi ngajak tiyang ingkang sampun nilar ing Pamfilia lan mboten purun dipun ajak nyambut damel sesarengan. Pungkasanipun Rasul Paulus lan Barnabas pepisahan ing salebeting peladosanipun. Barnabas lan Yokanan Markus tumuju dhateng Siprus, dene Rasul Paulus lan Silas tumuju Siria lan Kilikia (ay. 37-41).

Para sadulur, saking waosan kita punika kita nampi piwucal:

  1. Ing salebeting gesang kita padintenan, kita tansah tinimbalan mbangun raos peduli, sae punika ing salebeting brayat, pasamuwan lan masyarakat. Raos peduli mboten namung nalika gesang kita ngadhepi perkawis ingkang sarwa ewed lan winates nanging ing sadhengah kawontenan raos peduli punika kedah tansah kajiwa lan kasarira ing salebeting gesang kita.
  2. Kita kedah sadar bilih ing kalamangsanipun nindhakaken raos peduli punika ndadosaken dredah utawi pasulayan ing antawis satunggal lan satunggalipun karana bentenipun pemanggih lsp. Nanging bilih kita nggadahi raos peduli srana purun mirengaken, nyaring lan nunggilaken pemangih ingkang benten-benten tamtu sadaya pasulayan saged karampungaken. (Gimbul)

 “Peduli sesami, pratandha nresnani Gusti”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak