Isa Dadi Panutan Renungan Harian 9 Februari 2020

9 February 2020

Waosan :  Matius 5 : 13 – 20  |  Pujian :  KPJ. 124
Nats
: “Samono uga padhangmu iya sorotna marang wong, supaya iku padha sumurup marang tindak-tandukmu kang becik, temah padha ngluhurake Ramamu kang ana ing swarga.” (Ay.16)

Wonten ing gesangipun tiyang Kristen, Panutan ingkang sejati punika namung Gusti Yesus. Awit Gusti Yesus mboten namung memulang, ananging ugi paring tuladha ingkang utami ing gesang padintenan kita. Gegambaran uyah lan pepadhanging jagad menika dipunagem Gusti Yesus kangge paring piwucal dhumateng para sakabat lan kita sedaya ing samangke. Uyah menika saged paring rasa asin lan saged ngawetaken tetedan (ulam), mekaten gesang kita kedah saged paring pitulungan kangge tiyang sanes utawi migunani ing bab pakaryanipun Gusti. Lan kados pepadhanging jagad ingkang paring sunar ing ndonya ingkang petheng, mekaten timbalan kita ingkang kedah dados sarana tiyang saged manggihaken katrentreman lan gesang ingkang suci ing Gusti.

Kita sedaya ngakeni bilih kita menika pandherekipun Gusti, ananging menawi gesang kita taksih tebih kaliyan Gusti lan tuladhanipun, menapa kita taksih saged kasebat pandherekipun Gusti? Gesang kita ing ndonya menika kedah wonten ginanipun. Nalika taksih kaparingan wekdal nglampahi ingkang sae lan migunani, sumangga kita mboten sembrana lan malah kecalan peran kita ing selebeting pakaryanipun Gusti. Sedaya ingkang sampun mboten wonten ginanipun tamtu badhe dipun bucal lan mboten malih disawang kaliyan manungsa. Mekaten ugi kawontenan kita sedaya, kita dipuntimbali supados saged dados panutan ingkang sae, lan mboten malah katut kaliyan kawontenan donya ingkang risak.

Kawontenan donya ingkang mawarni-warni saged mawon ndadosaken kita kecalan peran ing salebeting gesang ndherek Gusti. Gesang ingkang dipunkuwaosi dening pepeteng, dosa lan sedaya ingkang ndadosaken kita sangsara. Lumakua sing temen lan aja nilar Gustimu panutan ingkang utami. Purun ndherek Gusti kedah purun nglampahi gesang ingkang suci. Mboten kecalan jatidiri dados tiyang Kristen ingkang tansah saged saos sokur saben wekdal. (GRA).

“Mumpung taksih kaparingan wekdal ndherek Gusti, lakonana sing apik”

 

Renungan Harian

Renungan Harian Anak