Tansah Setya Lan Makarya Nalika Ngrantos Pancaran Air Hidup 9 Desember 2025

9 December 2025

Waosan: Rum 15 : 14 – 21  |  Pamuji: KPJ. 136
Nats: “Awit aku ora bakal kumawani nyritakake bab liyane, kajaba samubarang kang wis katindakake dening Sang Kristus lumantar aku, yaiku nenuntun bangsa-bangsa liya marang pambangun-turut, srana pitutur sarta panggawe.” (Ayat 18)

Wonten satunggaling nem-neman nampi pawartos bilih ramanipun badhe kondur saking perantauan. Griyanipun prasaja, lataripun kebak suket, sarta gentengipun rembes. Sak sampunipun nampi pawartos punika, piyambakipun enggal resik-resik griya, lataripun dipun sapu, tembokipun dipun cet, gentengipun dipun dandosi, lan sadayanipun dipun tata supados resik lan rapi. Warga ingkang mirsani lajeng pitaken, “Sampeyan kok repot-repot mekaten? Mboten mesthi ta dinten rawuhipun?” Piyambakipun mesem kanthi andhap asor, lajeng ngendika, “Amargi kawontenanipun dereng cetha, kula kedah siyap wiwit sapunika. Punika sanes tamu limrah, nanging rama ingkang kula tresnani.” Saking cariyos punika: “Kados pundi cara ingkang prayogi kangge kita ngrantos rawuhipun Sang Kristus? Punapa cekap namung leladi, ndedonga, saha ngabekti, utawi punapa taksih wonten ingkang langkung dipun karsakaken Gusti ing wekdal ngrantos punika?”

Wonten ing Rum 15:14–21, Rasul Paulus maringi tuladha gesang anggenipun ngrantos rawuhipun Sang Kristus kanthi aktif. Piyambakipun mboten namung mendel ngentosi, nanging nindakaken misi kanthi temen. Piyambakipun martosaken Injil, ngiyataken iman tiyang sanes, lan nuntun bangsa-bangsa supados pitados dhumateng Gusti Yesus. Rasul Paulus mangertos bilih piyambakipun dipun agem Gusti kangge nyawisaken margi tumrap rawuhipun Sang Kristus. Piyambakipun mboten ngegungaken dhirinipun piyambak, nanging makarya kagem kaluhuran lan pakaryanipun Sang Kristus. Punika dados tuladha kangge kita bilih wekdal ngentosi rawuhipun Sang Kristus punika sanes wekdal pasif, nanging wekdal ingkang kedah dipun kebaki semangat kangge ngladosi, mbangun sesami, tuwin dados pepadhang wonten ing satengahing jagad.

Ing mangsa Adven punika, kita kaajak nyawisaken manah anggen kita ngrantos rawuhipun Sang Kristus. Mangga kita lampahi srana ndedonga, ngabekti ugi tumindak nyata. Kita saged miwiti saking bab-bab alit, kados dene paring semangat dhateng tiyang ingkang nandhang sangsara/ sakit, nulungi tiyang ingkang kesrakatan, dados berkah ing papan karya, saha tumindak adil lan jujur ing lelampahan gesang. Ngrantos Sang Kristus ateges kita nyawisaken gesang kita supados pantes nampi Panjenenganipun ingkang badhe rawuh kanthi tentrem. Amin. [KYP].

“Katresnan punika boten namung dipun antosi, nanging ugi kedah dipun uripi.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak