Kapulihaken Pancaran Air Hidup 9 Desember 2023

9 December 2023

Waosan: Jabur 85 : 1 – 3, 9 – 14 ǀ Pamuji: KPJ. 68 : 1 – 3
Nats: “Aku arep ngrungokake apa kang dadi pangandikaning Allah, Pangeran Yehuwah.” (Ayat 9)

Mboten wonten manungsa ing jagad punika ingkang kawontenanipun sampurna. Sadaya manungsa punika mesti badhe ngalami karisakan lan pejah. Karisakan ingkang kelampahan saged arupi karisaan badan wadag ingkang ketingal lan karisakan bathin ingkang mboten ketingal. Risakipun badan wadag saged ndadosaken manungsa sakit lajeng pejah. Risakipun bathin saged ndadosaken manungsa kecalan pangajeng-ajeng awit momotan ingkang awrat. Saking ngriki, ingkang kita betahaken inggih punika kapulihaken.

Sang Juru Mazmur tansah saos sokur dhumateng Pangeran Yehuwah, karana Panjenenganipun karsa mulihaken kawontenaning manungsa saking karingkihanipun (Ay. 2-4). Dipun pulihaken dening Sang Pangeran Yehuwah dados kabetahanipun manungsa. Kanthi pandonga Sang Juru Mazmur nyuwun pangapunten dhumateng Gusti Allah, karana sampun tumindak  dosa. Sang Juru Mazmur atur panyuwunan: sampun ngantos Gusti Allah ndhawahaken dukanipun dhateng manungsa. Awit menawi Gusti Allah duka lan murka dhateng manungsa, mesthi jagad  memahi karisakan malah saged sirna. Lajeng kados pundi supados sadaya punika mboten kelampahan? Ing ayat 8 dipun serat: “Aku arep ngrungokake apa kang dadi pangandikaning Allah, Pangeran Yehuwah.” Inggih, kita kedah mirengaken sarta netepi Pangandikanipun Gusti Allah ing salebeting gesang kita. Sarana punika kita badhe kapulihaken lan kaparingan tentrem rahayu.

Tetela bilih kapulihaken punika prekawis ingkang saestu dipun betahaken manungsa. Kita  sampun kapulihaken dening Gusti Allah, nalika Kang Putra onthang-anthing inggih punika Gusti Yesus sampun rawuhing donya minangka juru wilujenging jagad ingkang milujengaken gesang kita. Kita katebus lan kauwalaken saking bebendunipun dosa. Kita ingkang kapulihaken punika sami nampi sih kawelasanipun Gusti Allah. Karana punika ing mangsa Adven punika, sumangga kita mratobat lan ngenggalaken tumindak gesang kita selaras kaliyan karsanipun Gusti. Sumangga kita cecawis lan mapag welas asihipun Gusti kanthi gesang ingkang sumuyud kaliyan karsanipun Gusti. Amin. [SIN].

 “Ayo cecawis lan mapag welas-asihipun Gusti kanthi gesang ingkang sumuyud kaliyan karsanipun Gusti.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak