Waosan: Lukas 18 : 31 – 34 | Pamuji: KPJ. 155
Nats: “… kabeh kang katulisan dening para nabi tumrap Putraning Manungsa, iku bakal kayektenan.” (Ayat 31)
Saben tiyang tamtu remen mireng kabar utawi tembung ingkang ndadosaken manahipun bingah, punapa malih menawi kabar punika jumbo kaliyan punapa ingkang dipun ajeng-ajeng, sae punika bab kawontenanipun brayat, para yoga wayah, pandamelan, usaha, bisnis lan sanesipun. Nanging kosokwangsulipun menawi kabar utawi tembung ingkang dipun mirengaken punika benten lan tebih kaliyan punapa ingkang dipun ajeng-ajeng tamtu kathah tiyang badhe kewetan nampi kabar utawi tembung punika, saged ugi badhe nolak, mboten purun nampi lan mboten dipun anggep serius.
Punika ingkang dipun raosaken dening para sakabatipun Gusti Yesus, sinaosa Gusti Yesus sampun matur ingkang kaping tiga bilih Panjenenganipun badhe nandhang kasangsaran, dipun poyoki, dipun siya-siya, sarta dipun sedani, lan ing tigang dintenipun badhe wungu malih. Nanging para sakabat taksih dereng saged mangertos punapa ingkang dipun ngendikakaken dening Gusti Yesus punika. Awit pangandikanipun Gusti Yesus punika benten kaliyan punapa ingkang dipun ajeng-ajeng dening para sakabat bab Sang Masih. Miturut pamanggihipun para sakabat lan para tiyang Israel, nalika Sang Masih rawuh, Panjenganipun badhe mimpin bangsa Israel ngawonaken penjajah lan bekta bangsa Israel tumuju dhateng kejayaan, sami kados ing mangsanipun Prabu Dawud. Para sakabat mboten saged nampi pangandikanipun Gusti Yesus awit namung nengenaken pikajengipun piyambak. Benten kaliyan Gusti Yesus ingkang kedah tumuju dhateng Yerusalem nandhang sangsara supados punapa ingkang sampun kaserat dening para nabi bab putraning manungsa saged kalampahan.
Asring kita ugi kewetan anggenipun nampi kawontenanipun gesang, awit punapa ingkang kita angen-angen benten kaliyan kasunyatan. Punapa ingkang kita ajeng-ajeng mboten sami kaliyan ingkang dipun karsakaken Gusti. Menawi kita tetep wangkot ing manah lan nengenaken pikajeng kita piyambak, kita badhe kewetan mangertosi lan mirsani katresnanipun Gusti wonten ing gesang kita, saged ugi kita badhe kecalan berkahipun Gusti ingkang sampun cumawis kangge kita. Mila ing mangsa Pra Paskah punika, sumangga kita saged wanuh dhateng punapa ingkang dipun karsakaken Gusti kanthi pitados bilih sadaya rancanganipun Gusti punika sanes rancangan kacilakan nanging rancangan ingkang kebak katentreman lan karaharjan. Amin. [M@ul].
“Sae miturut kita dereng tamtu sae miturut Gusti, pramila pasrah kemawon.”